Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ester 6 Kitab Sutji (JAV)

Pak Mordekhai kinurmatan

6:1-14

1. Ing bengi iku uga Sang Prabu ora bisa sare. Sang Prabu banjur dhawuh mundhut layang pengetan sejarah, tumuli kawaca ana ing ngarsane Sang Prabu.

2. Ing kono tinemu ana pengetan bab Pak Mordekhai kang nglapurake prakara abdine Sang Prabu loro, panunggalane abdi jagapura, kang jeneng Bigtan lan Teresy, padha ngarah arep nyedani Sang Prabu Ahasyweros,

3. Sang Prabu banjur ndangu: “Mordekhai iku wus kaganjar kaurmatan lan kaluhuran apa krana saka iku mau?” Unjuke para abdine Sang Prabu, kang kawajiban ngladeni panjenengane: “Piyambakipun dereng kaganjar punapa-punapa.”

4. Pandangune Sang Prabu: “Sapa kang ana ing plataran kono iku?” Ing wektu iku Sang Haman lagi bae rawuh ana ing plataraning kadhaton ing njaba arep ngunjuki uninga marang Sang Prabu bab Pak Mordekhai, kang arep disulah ana ing panyulahan kang wus kacawisake kanggo dheweke.

5. Abdine Sang Prabu banjur padha munjuk: “Kauningana, Sang Haman ingkang wonten ing plataran.”

6. Dhawuhe Sang Prabu: “Dhawuhana lumebu!” Bareng Haman wus lumebu, tumuli didangu dening Sang Prabu: “Wong kang dadi keparenge Sang Prabu kudu diparingi kaurmatan, iku dikapakake?” Ing kono panggraitane Sang Haman: “Sapa maneh kang dadi keparenge Sang Prabu kang kudu kaparingan kaurmatan ngluwihi aku iki?”

7. Mulane Sang Haman banjur munjuk marang Sang Prabu: “Menggah tiyang ingkang dipun karsakaken dening Sang Prabu angsal kaurmatan,

8. punika dipun pendhetna pangageman kaprabon ingkang adatipun dipun agem Sang Prabu piyambak kaliyan kapal titihan ingkang adatipun dipun titihi Sang Prabu piyambak lan sirahipun kaetrapana makutha kaprabon.

9. Lan pangageman tuwin kapal punika wau kapasrahna dhateng sawenehing pangageng abdinipun Sang Prabu, panunggilanipun para luhur, tumunten pangageman wau dipun anggekna dhateng tiyang ingkang dipun karsakaken Sang Prabu supados angsal pakurmatan wau, tumunten dipun tumpakna ing kapal, saha kaaraka kalayan numpak kapal wau, nglangkungi alun-alun ing kitha sarta tiyang ingkang sami wonten ing sangajengipun, sami mungela makaten: Kaya mangkene iki ganjarane wong kang dadi keparenge Sang Prabu oleh pakurmatan!”

10. Ing kono dhawuhe Sang Prabu marang Sang Haman: “Dienggal jupuken pangageman lan jaran kang kokunjukake iku, iku banjur trapna marang wong Yahudi kang jeneng Mordekhai, kang lungguh ana ing gapuraning karaton; poma aja ana kang cewet tembungmu siji-sijia kang kokunjukake iku.”

11. Sang Haman banjur mendhet pangageman lan titihan mau, pangagemane dianggokake Pak Mordekhai lan ditunggangake ing jarane, sarta diarak metu ing alun-aluning kutha, karo ana kang nguwuh-uwuh ana ing ngarepe: “Kaya mangkene iki ganjarane wong kang dikarsakake dening Sang Prabu oleh pakurmatan.”

12. Sawuse mangkono Pak Mordekhai banjur bali maneh menyang ing gapurane kadhaton, nanging Sang Haman gupuh-gupuh kondur kalawan prihatin sarta kekudhungan.

13. Sang Haman tumuli cariyos marang Zeresy kang garwa lan marang para mitrane apa kang mentas kelakon. Para mitrane kang wasis wicaksana sarta kang garwa Zeresy, padha matur mangkene: “Manawi Mordekhai punika panunggilanipun bangsa Yahudi, mangka panjenengan sampun dhawah wonten ing ngajengipun, mesthi panjenengan boten kuwawi nglawan piyambakipun, malah badhe dhawah babar pisan wonten ing ngajengipun.”

14. Nalika isih padha rerasanan mangkono, abdine Sang Prabu teka, Sang Haman katimbalan supaya enggal sowan menyang bujana sesaosane Sang Prameswari Ester.