Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ester 10 Kitab Sutji (JAV)

Kamulyane Sang Mordekhai

10:1-3

1. Sawuse mangkono Sang Prabu Ahasyweros netepake pranatan bulubekti saka ing tanah lan dhaerah nganti tutug ing pasisir uga.

2. Mungguh sakehing lelabetane kang linuwih lan kaprawirane, apadene andharaning caritane bab kaluhuran kang diparingake dening Sang Nata marang Sang Mordekhai, kabeh iku rak wis katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Media lan Persia?

3. Amarga Sang Mordekhai iku dadi priyagung kang angka loro ing sangandhape Sang Prabu Ahasyweros, lan panjenengane diurmati dening wong Yahudi lan ditresnani dening para sentanane, amarga anggone ngudi murih kabegjaning bangsane lan marga kang kapangandikakake iku tumuju marang ing karaharjaning bangsane.