Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Amos 4:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. “Padha ngrungokna marang pangandika iki,he, sapi-sapi ing Basan,kang manggon ing gununge Samaria,kang nindhes marang wong apes,lan ngidak-idak wong miskin,kang ngucap marang para bendaranira:Gawanen mrene supaya aku padha ngombe.

2. Gusti Allah wus supaos demi kasucene:Lah bakal tumeka ing titi-mangsaneanggonira padha kaangkat sarana ganthol,sarta kekarenira srana pancing iwak.

3. Sira bakal padha metu ngliwati bedhahaning baluwarti,siji-sijine ngenceng ing dalane dhewe-dhewe,lan sira bakal kasered menyang ing Hermon,”mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

4. “Padha menyanga ing Betel lan gawea dosa,menyanga ing Gilgal,sarta undhakana anggonira gawe dosa,ing wayah esuk padha ngajokna kurbanira sembelehan,sarta ing dina kaping telune pisungsungira prasepuluhan.

5. Apadene ngobonga kurban pamuji kalawan roti kang mawa ragi,lan ngundhangna kurban-kurban manasuka;wartakna iku!Awit kang mangkono iku rak wus dadi kasenenganira, ta, he wong Israel?”,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

6. “Sanadyan Ingsun wus ngganjar marang sirauntu kang ora kecak pangan ing kuthanira kabeh,lan kekurangan roti ana ing sakehe papan panggonanira,ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,”mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

7. “Lan Ingsun wus ngendheg udan marang sira,telung sasi sadurunge mangsa panen;sarta paring udan ana ing salah sijining kutha,lan kutha sijine ora Sunparingi udan,pategalan kang siji kodanan,tuwin pategalan kang ora kodanan dadi garing.

8. Wong saisine kutha loro telu padha keraya-raya lunga menyang sawijining kutha,arep ngombe banyu, nanging ora bisa marem,ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

9. “Ingsun wus nggebag sira kalawan ama gosong lan ama lodhoh,patamanan lan pakebonanira anggur wus Sundadekake alum,apadene witira anjir lan witira jaitun padha kamangsa ing walang nganti entek,ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,”mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Amos 4