Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 14:2-16 Kitab Sutji (JAV)

2. banjur utusan abdi menyang Tekoa marani wong wadon kang limpad ing budi, nuli ngandika marang wong wadon iku: “Bok kowe api-api kaya wong nandhang prihatin lan manganggoa sandhangan wong kepaten, aja jebadan lan polatanmu membaa wong wadon kang wis pirang-pirang dina nangisi wong mati.

3. Banjur lumebua marak Sang Prabu lan munjuka marang panjenengane mangkene.” Senapati Yoab banjur marahi marang wong wadon mau apa kang kudu diunjukake marang Sang Prabu.

4. Nalika wong wadon Tekoa marak Sang Prabu , lan banjur sumungkem raine konjem ing bumi, nyembah sarta matur: “Dhuh, Gusti kawula Sang Prabu, kawula nyuwun tulung.”

5. Sang Prabu nuli ndangu marang wong wadon iku: “Ana apa?” Unjuke wong wadon mau: “Dhuh Gusti, kawula punika randha, amargi semah kawula sampun tilar.

6. Abdi dalem punika gadhah anak jaler kalih; lare kalih punika sami kerengan wonten ing pategilan; sarehne boten wonten ingkang misah, ingkang satunggal nggebagi satunggalipun ngantos pejah.

7. Lan sapunika sadaya sanak-sadherek sami nggigat dhateng abdi dalem sarta wicanten: Anakmu kang mateni sadulure iku ulungna, arep dak patem, minangka gantine nyawane sadulure kang dipateni iku lan aku iya arep numpes ahli warise. Tiyang punika sami badhe numpes turun kawula ingkang taksih kantun, temah semah kawula boten nilar nama wonten ing salumahing bumi.”

8. Wong wadon iku banjur didhawuhi: “Wis muliha. Ingsun bakal paring prentah tumrap sira.”

9. Wong wadon ing Tekoa iku munjuk marang Sang Prabu: “Kawula saha kulawarga kawula badhe nyanggi kalepatan punika, dhuh Gusti kawula Sang Prabu, nanging Sang Prabu tuwin dhampar dalem boten lepat.”

10. Sang Prabu Banjur ngandika: “Yen ana wong ngandhakake apa-apa maneh tumrap sira, wong iku ladekna marang ing ngarsaningsun, mesthi ora bakal gepok senggol karo sira maneh.”

11. Unjuke wong wadon iku: “Mugi Sang Prabu tansah enget dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah dalem, supados pun waris pulih rah punika sampun ngantos kekathahen anggenipun nuwuhaken karisakan lan sampun ngantos sami mejahi anak kawula punika.” Sang Prabu banjur ngandika: “Demi Sang Yehuwah agesang, ora bakal ana rambut saeler-elera kang runtuh saka sirahe anakira ing bumi.”

12. Wong wadon iku banjur munjuk: “Kalilanana abdi dalem munjuk sakecap malih dhateng gusti kawula Sang Prabu.” Pangandikane Sang Prabu: “Mara munjuka!”

13. Unjuke wong wadon iku: “Kenging punapa Sang Prabu kagungan panggalih ingkang kados makaten tumrap umatipun Gusti Allah. Sarehne panjenengan dalem nglairaken pangandika punika, panjenengan dalem piyambak ingkang lepat, dene boten nglilani mantukipun tiyang ingkang sampun kabucal.

14. Amargi kita punika mesthi ngalami pejah, kita punika kados toya ingkang kaesokaken dhateng ing bumi, ingkang boten saged kaklempakaken malih. Nanging Gusti Allah boten mulung nyawanipun tiyang, nanging malah ngrancang supados tiyang punika boten kelajeng-lajeng binucal saking Panjenenganipun.

15. Lah sapunika kawula marak ngunjukaken prakawis punika dhateng Gusti kawula Sang Prabu, amargi tiyang kathah sami ngajrih-ajrihi kawula. Pramila osiking manahipun abdi dalem: Becike dakmunjuk marang Sang Prabu dhisik, bokmanawa Sang Prabu nyembadani atur panyuwune abdine iki.

16. Amarga Sang Prabu mesthi bakal miyarsakake aku lan ngluwari aku saka tangane para wong kang sumedya nyirnakake aku bareng karo anakku, saka tanah pusakane warisane Gusti Allah.

maca bab lengkap 2 Samuel 14