Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 6:20-31 Kitab Sutji (JAV)

20. Bareng wus padha tekan ing Samaria, Nabi Elia munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka mugi karsaa mbikak mripatipun tiyang-tiyang punika, supados sami saged ningali.” Pangeran Yehuwah iya nuli mbikak mripate, temahan padha bisa ndeleng, sarta padha kaeraman, dene padha ana ing satengahing kutha Samaria.

21. Sang Nata ing Israel banjur ndangu marang Nabi Elisa, nalika mirsa wong-wong mau: “Punapa tiyang-tiyang punika prayoginipun sami kula pejahi, rama?”

22. Nanging atur wangsulane: “Sampun! Punapa panjenengan dalem adatipun inggih mejahi ingkang panjenengan dalem tawan kaliyan pedhang saha kaliyan jemparing dalem? Sami panjenengan dalem paringi nedha tuwin ngombe, supados sami nedha lan ngombe, saha lajeng kajengipun sami wangsul dhateng ing gustinipun.”

23. Wong-wong mau nuli padha disuguh gedhen-gedhen, lan padha mangan tuwin ngombe. Sawuse mangkono banjur padha diparengake mundur, bali menyang ing ngarsane gustine. Wiwit nalika iku ora ana grombolane wong Aram maneh kang lumebu ing nagara Israel.

24. Kacarita sawuse mangkono Sang Prabu Benhadad, ratu ing Aram nglumpukake sabalane kabeh, banjur nglurug sarta ngepung Samaria.

25. Samaria temah katempuh ing pailan gedhe ing sasuwene kakepung iku, nganti endhas kuldi siji regane wolung puluh sekel selaka lan telek dara saprapat kab rega limang sekel selaka.

26. Kacarita nalika Sang Nata ing Israel tindak-tindak ing dhuwur balowarti, ana wong wadon kang ngaturake kaanane marang Sang Prabu, unjuke: “Dhuh gusti kawula Sang Prabu, mugi karsaa paring pitulungan dhumateng kawula!”

27. Wangsulane: “Manawa Yehuwah ora mitulungi sira, apa kang ingsun paringake marang sira? Apa saka panuton utawa saka ing pamipitan anggur?”

28. Sang Prabu nuli ndangu: “Ana apa, ta?” Atur wangsulane wong wadon mau: “Tiyang estri punika cariyos dhumateng kawula: Anakmu lanang iku wenehna, supaya ing dina iki aku padha bisa mangan, dene sesuk genti padha mangan anakku lanang.

29. Dadosipun kawula sami ngolah lan nedha anak kawula. Nanging sareng ing dinten candhakipun kawula cariyos dhateng piyambakipun: Anakmu genti wenehna, padha dipangan, anakipun dipun dhelikaken.”

30. Bareng Sang Nata midhanget ature wong wadon iku, nuli nyuwek-nyuwek pangagemane lan ing sajrone tindak-tindak ana ing dhuwur balowarti iku, wong akeh padha ndeleng anggone mangagem bagor tumempel ing sarirane. Sang Prabu tumuli ngandika:

31. “Ingsun muga kaparingana paukuman mangkene dening Gusti Allah, malah muga ngluwihana kang mangkono iku, manawa ing dina iki sirahe Elisa bin Safat isih dumunung ing badane.”

maca bab lengkap 2 Para Raja 6