Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 7:6-10 Kitab Sutji (JAV)

6. Para imam wus padha mapan ana ing panggonane. Samono uga para wong Lewi iya wus padha samekta piranti-piranti musik kanggo ngluhurake Pangeran Yehuwah, yaiku -- piranti-piranti musik yasane Sang Prabu Dawud kanggo ngiringi kidung panuwun konjuk marang Sang Yehuwah: “Sih-kadarmane iku pranyata langgeng ing salawase!” yaiku samangsa Sang Prabu Dawud dhawuh supaya padha ngidungake pepujian. Manawa pinuju mangkono iku para imam padha ngadeg ngadhepake wong-wong mau kambi ngunekake kalasangka, dene wong Israel padha ngadeg kabeh.

7. Sang Prabu Suleman banjur nucekake tengah-tengahe plataran ing sangarepe padalemaning Yehuwah, amarga sakehe kurban obaran lan gajih kurban slametan padha kaupakara ana ing kono, awit misbyahe tembaga yasane Sang Prabu Suleman ora kamot manawa kanggo kurban obaran lan kurban dhaharan sarta sakehe gajih kurban mau.

8. Ing nalika iku uga Sang Prabu Suleman nganakake riyaya tancebing tarub suwene pitung dina dalah wong sabangsa kabeh, sawijining pasamuwan kang luwih dening gedhe, wiwit dalan kang lumebu menyang ing kutha Hamat nganti tekan ing kali Mesir.

9. Ing dina kang kaping wolu padha nganakake parepatan agung, amarga mentas padha ngriyayakake paresmiane misbyah lawase pitung dina lan riyaya tancebing tarub lawase pitung dina.

10. Ing dina kang kaping telulikur, sasi kang kapitu wong kabeh padha kalilan mundur mulih menyang ing tarube kalawan bungah lan seneng awit saka kadarman kang wus kaparingake dening Pangeran Yehuwah marang Sang Prabu Dawud, marang Sang Prabu Suleman, sarta marang wong Israel, umate.

maca bab lengkap 2 Babad 7