Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 7:6 Kitab Sutji (JAV)

Para imam wus padha mapan ana ing panggonane. Samono uga para wong Lewi iya wus padha samekta piranti-piranti musik kanggo ngluhurake Pangeran Yehuwah, yaiku -- piranti-piranti musik yasane Sang Prabu Dawud kanggo ngiringi kidung panuwun konjuk marang Sang Yehuwah: “Sih-kadarmane iku pranyata langgeng ing salawase!” yaiku samangsa Sang Prabu Dawud dhawuh supaya padha ngidungake pepujian. Manawa pinuju mangkono iku para imam padha ngadeg ngadhepake wong-wong mau kambi ngunekake kalasangka, dene wong Israel padha ngadeg kabeh.

maca bab lengkap 2 Babad 7

tampilan 2 Babad 7:6 ing konteks