Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 6:25-32 Kitab Sutji (JAV)

25. Paduka mugi karsaa midhangetaken saking ing swarga saha karsaa ngapunten dosanipun umat Paduka Israel sarta mugi karsaa mangsulaken dhateng ing tanah ingkang sampun Paduka paringaken dhateng umat Paduka punika saha dhateng para leluhuripun.

26. Manawi langit kinancing ngantos boten wonten jawah, margi tiyang-tiyang sami damel dosa dhumateng Paduka, mangka lajeng sami ndedonga wonten ing panggenan punika saha ngakeni dhumateng asma Paduka tuwin nilar dosanipun, awit sampun sami Paduka tindhes,

27. Paduka mugi karsaa miyarsakaken saking ing swarga saha karsaa ngapunten dosaning para abdi Paduka wau, inggih umat Paduka Israel punika, awit inggih Paduka ingkang nedahaken dhateng tiyang-tiyang punika margi ingkang sae, ingkang kedah dipun ambah, punapadene mugi Paduka karsaa paring jawah dhateng siti Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng umat Paduka dados tanah-pusaka punika.

28. Manawi ing nagari punika wonten pailan, manawi wonten pageblug, ama gosong, ama lodhoh, ama walang srakah, manawi sami kadamel rupek dening mengsah wonten ing salah satunggaling kithanipun, manawi wonten wewelak utawi sesakit punapa kemawon,

29. lajeng wonten tiyang utawi umat Paduka Israel sadaya ngunjukaken pandonga saha panyuwun wonten ing padaleman punika kalayan ngulukaken tanganipun -- awit satunggal-satunggalipun nyumerepi dhateng wewelakipun tuwin kasangsaranipun piyambak --

30. Paduka mugi karsaa midhangetaken saking ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, punapadene Paduka mugi karsaa paring pangapunten saha karsaa paring piwales dhateng saben tiyang miturut ing sakathahing pandamelipun, amargi Paduka nguningani manahipun -- awit namung Paduka ingkang nguningani manahipun para anaking manungsa, --

31. supados tiyang-tiyang wau sami ajrih dhumateng Paduka saha lajeng sami lumampah ing sakathahing margi pitedah Paduka ing salaminipun gesang wonten ing tanah ingkang sampun Paduka paringaken dhateng para leluhur kawula.

32. Makaten ugi manawi wonten tiyang ngamanca, ingkang boten kagolong umat Paduka Israel, ingkang dhateng saking nagari tebih margi saking asma Paduka ingkang luhur, asta Paduka ingkang rosa saha lengen Paduka ingkang kaacungaken, mangka tiyang wau nunten ndedonga wonten ing padaleman Paduka,

maca bab lengkap 2 Babad 6