Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 22:3-9 Kitab Sutji (JAV)

3. Sang Prabu sugenge iya manut ing lampah-lampahe tedhake Sang Prabu Akhab, awit kang ibu paring pitutur supaya nglampahi kang ala.

4. Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah, amarga sasedane kang rama, iku tumuli padha dadi juru pirembage kang gawe cilakane.

5. Marga saka pirembage wong-wong mau uga panjenengane nuli tindak bebarengan karo Sang Prabu Yoram putrane Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel, arep lumawan ing perang karo Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram, menyang ing Ramot-Gilead, nanging Sang Prabu Yoram banjur ketaton dening wong Aram,

6. Sang Prabu banjur kondur menyang ing Yizreel arep jejampi marga saka anggone ketaton ana ing Rama nalika perang nglawan Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram mau. Anadene Sang Prabu Ahazia, putrane Sang Prabu Yoram ratu ing Yehuda, tumuli tindak martuwi marang Sang Prabu Yoram, putrane Sang Prabu Akhab, menyang ing Yizreel, marga panjenengane nandhang gerah.

7. Gusti Allah wus nemtokake, manawa Sang Prabu Ahazia bakal seda ing wektu martuwi Sang Prabu Yoram; bareng Sang Prabu Ahazia rawuh, tumuli bebarengan karo Sang Prabu Yoram manggihi Sang Yehu, wayahe Sang Nimsi, kang wus dijebadi dening Pangeran Yehuwah, supaya panjenengane iku kang nyirnakake tedhake Sang Prabu Akhab.

8. Nalika Sang Yehu matrapi paukuman marang tedhake Sang Prabu Akhab, kepanggih karo para panggedhe ing Yehuda lan para putrane sadherek-sadhereke Sang Prabu Ahazia, kang padha ngladosi Sang Prabu Ahazia; iku iya padha disedani.

9. Sawuse mangkono tumuli madosi Sang Prabu Ahazia. Sang Prabu Ahazia kecepeng nalika ndhelik ana ing Samaria, banjur kaladosake marang ing ngarsane Sang Yehu, nuli disedani, nanging iya tumuli kasarekake, amarga pangucape wong: “Panjenengane iku wayahe Sang Prabu Yosafat, kang ngupaya marang Pangeran Yehuwah kalawan gumolonging panggalihe.” Anadene kulawargane Sang Prabu Ahazia iku ora ana kang keconggah ngasta paprentahan maneh.

maca bab lengkap 2 Babad 22