Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 12:13-16 Kitab Sutji (JAV)

13. Sang Prabu Rehabeam iku ngatingalake santosane anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem. Sang Prabu Rehabeam yuswa patang puluh taun nalika jumeneng ratu, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase pitulas taun, ana ing kutha kang pinilih dening Pangeran Yehuwah saka ing antarane sakehe suku Israel, kagem padunungane asmane. Kang ibu asma Naama, putri bangsa Amon.

14. Sang Prabu Rehabeam iku nglampahi kang ala, marga ora mantep anggone ngupaya marang Pangeran Yehuwah.

15. Riwayate Sang Prabu Rehabeam iku wiwit wiwitan nganti wekasan, kabeh rak wus katulisan ana ing sejarahe Nabi Semaya lan Idho, wong sidik, -- kang uga ngemot daftar sarasilah. Ing antarane Prabu Rehabeam lan Prabu Yerobeam iku tansah ana perang.

16. Wasana Sang Prabu Rehabeam banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan kasarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Dene Pangeran Abia, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

maca bab lengkap 2 Babad 12