Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 7:4-11 Kitab Sutji (JAV)

4. Wong Israel banjur padha nyingkirake para Baal lan Asytoret sarta mung ngabekti marang Sang Yehuwah.

5. Nabi Samuel banjur ngandika: “Wong Israel padha kumpulna kabeh ana ing Mizpa; dene aku bakal ndongakake kowe marang Sang Yehuwah.”

6. Bareng wis padha ngumpul ana ing Mizpa, banjur padha nyidhuki banyu lan disuntak ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Apadene padha puwasa lan matur ana ing kono: “Kula sampun sami nglampahi dosa dhumateng Sang Yehuwah.” Lan Nabi Samuel banjur ngakimi wong Israel ana ing Mizpa.

7. Bareng wong Filisti padha krungu warta, yen wong Israel padha ngumpul ana ing Mizpa, para ratu-kuthane wong Filisti padha mangsah nglurugi wong Israel. Wong Israel bareng krungu bab iku, banjur padha wedi marang wong Filisti iku.

8. Wong Israel tumuli matur marang Nabi Samuel: “Sampun kendel-kendel anggen panjenengan ndongakaken kula dhateng Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, supados Panjenenganipun mitulungi kita saking tanganipun tiyang Filisti punika.”

9. Sawuse iku Nabi Samuel mundhut cempe suson lan dicaosake kabeh marang Sang Yehuwah kagawe kurban obaran. Lan bareng Nabi Samuel ndongakake wong Israel marang Sang Yehuwah, Sang Yehuwah nyembadani panyuwune.

10. Nalika Nabi Samuel nyaosake kurban obaran iku, wong Filisti padha mangsah perang, nglawan wong Israel. Nanging ing dina iku Sang Yehuwah ndhatengake gludhug kang swarane ngebat-ebati ing sandhuwure bangsa Filisti lan nggegerake wong-wong iku, temah padha disorake dening wong Israel.

11. Wong Israel padha metu saka Mizpa, ngoyak wong Filisti lan nggecak wong-wong iku nganti tekan ing sangisore Bet-Kar.

maca bab lengkap 1 Samuel 7