Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 27:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Nanging Sang Dawud panggalihe mengkene: “Kapriye bae ing sawijining dina aku mesthi nemu tiwas dening astane Sang Prabu Saul. Dadi luwih becik manawa aku enggal-enggal sumingkir saka ing kene menyang ing negarane wong Filisti, temah tumrap Sang Prabu Saul bakal ora bisa nglari aku maneh ana ing saindenging tanah Israel lan aku bakal uwal saka ing astane.”

2. Sang Dawud nuli samekta lan banjur tindak mrana karo wong nem atus, kang padha ndherekake panjenengane, sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Akhis, bin Maokh, ratu ing kutha Gat.

3. Sang Dawud sabalane padha lereb ing bawahe Sang Prabu Akhis ing Gat, sawiji-wijine kanthi kulawargane; Sang Dawud karo garwane loro, yaiku Ahinoam, wong wadon saka ing Yizreel lan Abigail, tilas somahe Nabal, wong wadon saka ing Karmel.

4. Sawuse diaturake marang Sang Prabu Saul, yen Sang Dawud wus ngungsi menyang ing Gat, panjenengane wis ora nggoleki maneh.

5. Sang Dawud matur marang Sang Prabu Akhis: “Manawi kawula manggih sihpiwelas wonten ing ngarsa dalem, kawula mugi kaparingana panggenan ing salah satunggaling kitha ing tanah ngare, kenginga kawula enggeni. Punapa damelipun abdi dalem manggen wonten ing kithanipun kraton dalem?”

6. Ing wektu samana Sang Dawud banjur diparingi kutha Ziklag, iku jalarane Ziklag dadi kagungane para ratu ing Yehuda nganti saprene.

7. Sang Dawud manggen ing wewengkone wong Filisti lawase setaun patang sasi.

8. Sang Dawud sabalane mangsah nglurug wong Gesur, wong Girzi lan wong Amalek, amarga wong iki kang padha ngenggoni negara iku wiwit saka Telam terus tekan tanah Sur lan tanah Mesir.

9. Nalika Sang Dawud nempuh kutha iku, ora ana siji bae kang diuripi, iya lananga iya wadona. Sang Dawud njarah wedhus-wedhus, sapi, kuldi unta lan sandhangane, banjur bali sowan marang Sang Prabu Akhis.

10. Yen Sang Prabu Akhis ndangu: “Ngendi kang sira tempuh ing dina iki?” Sang Dawud matur: “Ing tanah Negeb Yehuda” utawa “Ing tanah Negeb tlatahipun tiyang Yerahmeel” utawa “Ing tanah Negeb, tlatahipun bangsa Keni.”

11. Sang Dawud ora nguripi wong siji-sijia, iya lananga iya wadona, kang banjur dibandhang menyang ing Gat, amarga nggalih: “Aja nganti padha martakake bab iku kabeh mangkene: Iki kang ditindakake Dawud.” Mangkono pratingkahe salawase manggon ana ing wewengkone bangsa Filisti.

12. Anadene Sang Prabu Akhis pracaya marang Sang Dawud, amarga nggalih: “Dawud wus ndadekake awake sinengitan dening bangsane, dheweke mesthi tetep dadi abdiningsun ing salawas-lawase.”

maca bab lengkap 1 Samuel 27