Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 18:12-24 Kitab Sutji (JAV)

12. Sang Prabu Saul ering marang Dawud, amarga Sang Yehuwah nganthi marang Sang Dawud, mangka Panjenengane wis nilar Sang Prabu Saul.

13. Mulane Sang Prabu nebihake Sang Dawud saka ing sarirane lan misudha Sang Dawud dadi panewuning prajurit, temah Sang Dawud tansah ana ing sangareping wadya-bala.

14. Sang Dawud tansah oleh gawe ing satindake, amarga Sang Yehuwah nunggil karo panjenengane.

15. Bareng Sang Prabu mirsa, manawa Sang Dawud banget anggone tansah oleh gawe, Sang Prabu sangsaya ajrih,

16. nanging sakehing wong Israel lan Yehuda padha asih marang Sang Dawud, amarga panjenengane mimpin samobah-mosiking bala.

17. Sang Prabu ngandika marang Sang Dawud: “Iki putraningsun putri pembayun, Merab; iku bakal suntrimakake marang sira, dadi bojonira, mung bae dadia wong prawira kagem ingsun lan andona perange Sang Yehuwah.” Awit Sang Prabu nggalih: “Aja nganti tanganku kang nglawan, kareben katempuh dening tangane bangsa Filisti.”

18. Ewadene Sang Dawud munjuk marang Sang Prabu: “Kawula punika sinten ta lan sinten sanak sadherek kawula, kulawarganipun bapak kawula, ing antawisipun tiyang Israel, kok kawula ngantos dados mantuning ratu?”

19. Nanging nalika tumeka ing wektune maringake Sang Putri Merab, putra putrine Sang Prabu Saul mau, Sang Putri mau jebul diparingake marang Sang Adriel, wong ing Mehola, dadi garwane.

20. Nanging Sang Putri Mikhal, putrane putri Sang Prabu Saul, kasmaran marang Sang Dawud; nalika bab iku diunjukake marang Sang Prabu Saul, panjenengane marengake.

21. Awit Sang Prabu nggalih: “Prayoga Mikhal suntrimakake marang Dawud, supaya dadi kalajiret tumrap Dawud lan tangane wong Filisti kareben nglawan dheweke!” Sang Prabu Saul banjur ngandika marang Sang Dawud kang kaping pindhone: “Ing dina iki sira sunpundhut mantu.”

22. Sang Prabu ndhawuhi marang para abdine: “Tutura marang Dawud kanthi sesidheman mangkene: Sayektosipun Sang Prabu punika resep dhateng panjenengan sarta para punggawanipun sami asih dhateng panjenengan; milanipun panjenengan karsaa kapundhut mantu dening Sang Prabu.”

23. Para punggawane Sang Prabu nuli ngluntakake pangandikane Sang Prabu mau marang Sang Dawud, nanging Sang Dawud mangsuli: “Dados mantunipun Sang Prabu punika panginten panjenengan punapa entheng? Kula punika rak tiyang mlarat tur tiyang alit.”

24. Punggawane Sang Prabu banjur ngaturi pirsa marang Sang Prabu, unjuke: “Makaten menggah wangsulanipun Sang Dawud.”

maca bab lengkap 1 Samuel 18