Sang Prabu ngandika marang Sang Dawud: “Iki putraningsun putri pembayun, Merab; iku bakal suntrimakake marang sira, dadi bojonira, mung bae dadia wong prawira kagem ingsun lan andona perange Sang Yehuwah.” Awit Sang Prabu nggalih: “Aja nganti tanganku kang nglawan, kareben katempuh dening tangane bangsa Filisti.”