Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 11:21-31 Kitab Sutji (JAV)

21. Nalika kapireng dening Sang Hadad saka ing Mesir manawa Sang Prabu Dawud wus sumare nunggil kalawan para leluhure, sarta Senapati Yoab uga wus seda, Sang Hadad tumuli munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Kawula kalilana wangsul dhateng ing nagari kawula.”

22. Sang Prabu Pringon banjur ndangu: “Sira kekurangan apa ta ana ing ngarsaningsun?” Atur wangsulane: “Kawula boten kekirangan punapa-punapa, nanging sanadyan makaten, kawula kalilana kesah.”

23. Gusti Allah uga nganakake mungsuh maneh kang nglawan Sang Prabu Suleman, yaiku Rezon bin Elyada, kang wus minggat saka ing ngarsane gustine, yaiku Sang Prabu Hadadezer, ratu ing nagara Zoba.

24. Iku nglumpukake wong lan banjur dadi kepala grombolan. Nalika arep padha kasirnakake dening Sang Prabu Dawud, tumuli padha sumingkir menyang ing Damsyik lan padha manggon ana ing kono sarta banjur ngangkat Rezon kadadekake ratu.

25. Iya panjenengane iku kang dadi mungsuhe Israel ing salawase sugenge Sang Prabu Suleman lan kang ndhatengake kasangsaran kayadene Sang Hadad. Panjenengane sengit marang wong Israel lan banjur jumeneng ratu ana ing Aram.

26. Uga Yerobeam bin Nebat, wong Efraim saka ing Zereda, punggawane Sang Prabu Suleman mbalela marang Sang Prabu. Ibune jenenge Zerua, randha.

27. Anadene jalarane anggone mbalela marang Sang Prabu iku mangkene: Sang Prabu Suleman lagi mbangun beteng Milo lan ndandosi bedhahing temboke kuthane Sang Prabu Dawud, ramane.

28. Yerobeam iku wong kang pinter; bareng Sang Prabu Suleman mirsa, manawa wong nonoman iku sregep nyambut gawe, wong mau banjur kaangkat dadi lelurahing sakehe pagawean wajib, bubuhane turune Rama Yusuf.

29. Nalika samana ing sawijining dina Yerobeam pinuju metu saka ing kutha Yerusalem banjur dipethukake dening Nabi Ahia saka ing Silo, kang ngagem jubah anyar. Anadene kang ana ing ara-ara kono mung wong loro iku.

30. Nabi Ahia nuli nyepeng jubahe anyar kang diagem mau sarta banjur kasuwek-suwek dadi rolas,

31. lan ngandika marang Yerobeam: “Kowe njupuka suwekan sapuluh kanggo kowe, awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun bakal nyuwek karajan iku saka ing tangane Suleman sarta Ingsun bakal maringi sira sapuluh taler.

maca bab lengkap 1 Para Raja 11