Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 11:18-28 Kitab Sutji (JAV)

18. Anggone padha mangkat saka ing Midian, banjur menyang ing Paran. Ana ing kono ngajak wong sawatara nuli tekan ing Mesir ing ngarsane Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir. Sang Hadad kaparingan dalem, lan ditemtokake blanjane sarta diparingi bumi dening Sang Prabu.

19. Sang Prabu Pringon tresna banget marang Sang Hadad, nganti diparingi garwa, yaiku rayine garwane piyambak, rayine Sang Prameswari Takhpenes.

20. Rayine Sang Putri Takhpenes iku tumuli kagungan putra kakung, kang kaparingan asma Genubat; iki banjur kasapih dening Sang Putri Takhpenes ana ing kadhatone Sang Prabu Pringon, mulane Sang Genubat mau dumunung ana ing satengahe para putrane Sang Prabu Pringon piyambak.

21. Nalika kapireng dening Sang Hadad saka ing Mesir manawa Sang Prabu Dawud wus sumare nunggil kalawan para leluhure, sarta Senapati Yoab uga wus seda, Sang Hadad tumuli munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Kawula kalilana wangsul dhateng ing nagari kawula.”

22. Sang Prabu Pringon banjur ndangu: “Sira kekurangan apa ta ana ing ngarsaningsun?” Atur wangsulane: “Kawula boten kekirangan punapa-punapa, nanging sanadyan makaten, kawula kalilana kesah.”

23. Gusti Allah uga nganakake mungsuh maneh kang nglawan Sang Prabu Suleman, yaiku Rezon bin Elyada, kang wus minggat saka ing ngarsane gustine, yaiku Sang Prabu Hadadezer, ratu ing nagara Zoba.

24. Iku nglumpukake wong lan banjur dadi kepala grombolan. Nalika arep padha kasirnakake dening Sang Prabu Dawud, tumuli padha sumingkir menyang ing Damsyik lan padha manggon ana ing kono sarta banjur ngangkat Rezon kadadekake ratu.

25. Iya panjenengane iku kang dadi mungsuhe Israel ing salawase sugenge Sang Prabu Suleman lan kang ndhatengake kasangsaran kayadene Sang Hadad. Panjenengane sengit marang wong Israel lan banjur jumeneng ratu ana ing Aram.

26. Uga Yerobeam bin Nebat, wong Efraim saka ing Zereda, punggawane Sang Prabu Suleman mbalela marang Sang Prabu. Ibune jenenge Zerua, randha.

27. Anadene jalarane anggone mbalela marang Sang Prabu iku mangkene: Sang Prabu Suleman lagi mbangun beteng Milo lan ndandosi bedhahing temboke kuthane Sang Prabu Dawud, ramane.

28. Yerobeam iku wong kang pinter; bareng Sang Prabu Suleman mirsa, manawa wong nonoman iku sregep nyambut gawe, wong mau banjur kaangkat dadi lelurahing sakehe pagawean wajib, bubuhane turune Rama Yusuf.

maca bab lengkap 1 Para Raja 11