Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 7 Kitab Sutji (JAV)

Gusti Yesus tindak menyang Yerusalem ngrawuhi riyaya Tancebing Tarub

7:1-13

1. Sawuse mangkono Gusti Yesus lelana ngideri ing tanah Galilea. Mulane ora karsa terus ana ing tanah Yudea, awit wong Yahudi padha ngarah sedane.

2. Nalika iku ngarepake riyayane wong Yahudi kang aran riyaya Tancebing Tarub.

3. Kang iku sadherek Gusti Yesus padha matur marang Panjenengane: “Suwawi Panjenengan bidhal dhateng ing tanah Yudea, supados para murid Panjenengan inggih sami sageda ningali pandamel ingkang Panjenengan tindakaken.

4. Sabab sadaya tiyang ingkang ngangkah dados kawigatosanipun tiyang kathah punika rak boten wonten ingkang tumindak kanthi sesidheman. Manawi Panjenengan nglampahi pandamel makaten punika, suwawi Panjenengan ngedheng dhateng jagad.”

5. Sabab dalah para sadhereke iya padha ora pracaya marang Panjenengane.

6. Gusti Yesus tumuli ngandika marang sadherek mau: “Durung tumeka ing wektuKu, nanging tumrape kowe kabeh tansah ana wektune.

7. Jagad iku ora bisa sengit marang kowe, nanging Aku disengiti, amarga Aku nekseni yen panggawene jagad iku ala.

8. Kowe padha mangkata nekani riyaya iku, Aku durung mangkat mrana, awit durung tumeka ing wektuKu.”

9. Gusti Yesus sawuse ngandika mangkono banjur kantun ana ing tanah Galilea.

10. Nanging bareng para sadhereke wus mangkat nekani riyaya mau, Panjenengane iya tindak, nanging ora ngeblak, dadi kanthi sesidheman.

11. Nalika riyaya, wong-wong Yahudi padha nggoleki Panjenengane calathune: “Wonge ana ing ngendi?”

12. Sarta ing antarane wong akeh mau keprungu rerasanan bab Panjenengane; ana kang ngucap mangkene: “Iku wong becik.” Liyane maneh: “Ora, iku nasarake wong akeh.”

13. Ewadene ora ana wong siji-sijia kang wani rembugan ngeblak bab Panjenengane, awit wedi marang wong Yahudi.

Paseksene Gusti Yesus tumrap sarirane

7:14-24

14. Bareng wus nengah-nengahi riyaya, Gusti Yesus lumebet ing Padaleman Suci sarta memulang.

15. Wong Yahudi padha kaeraman, pangucape: “Wong iku olehe kawruh kang kaya mangkono iku saka ing ngendi, dene ora nganggo sinau!”

16. Gusti Yesus mangsuli: “Piwulang iki dudu piwulangKu dhewe, nanging piwulange kang ngutus Aku.

17. Sok wonga kang gelem nglakoni karsane, mesthi bakal ngreti piwulangKu iki saka Allah, apa saka tetembunganKu dhewe.

18. Wong kang rembuge saka karepe dhewe iku ngarah kaluhurane dhewe. Nanging wong kang ngupaya kaluhurane kang ngutus, iku kang temen, sarta ora kadunungan cidra.

19. Apa dudu Nabi Musa kang ndhawuhake angger-anggering Toret marang kowe? Nanging panunggalanmu ora ana siji-sijia kang ngestokake angger-anggering Toret iku. Sabab apadene kowe padha ngarah patiKu?”

20. Atur wangsulane wong akeh: “Sampeyan punika kapanjingan dhemit. Ingkang ngangkah pejah sampeyan sinten?”

21. Paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Mung ana panggawe siji kang Daklakoni, mangka kowe kabeh padha gumun.

22. Nabi Musa ndhawuhake pranatan tetak marang kowe; sabenere pranatan tetak iku ora saka Nabi Musa, nanging saka para leluhur kita, lan ing dina Sabat kowe iya padha netaki wong.

23. Manawa wong ditetaki ing dina Sabat, supaya angger-anggere Nabi Musa aja nganti katerak, apa kowe padha panas atimu marang Aku, dene Aku marasake badan sakojur ing dina Sabat?

24. Anggonmu ngukumi aja manut apa kang katon, nanging ngukumana kanthi adil.”

Padudon bab kawijilane Gusti Yesus

7:25-36

25. Wong Yerusalem sawatara padha ngucap: “Apa dudu Wong iku kang diarah patine?

26. Lah kok kanthi saenake bae pangucape, sarta wong-wong ora padha madoni apa-apa. Apa kirane para panggedhe kita iya wus ngreti manawa Dheweke iku Sang Kristus temenan?

27. Nanging mungguh wong iku kita wus ngreti pinangkane. Mangka samangsa Sang Kristus iku rawuh, ora ana kang weruh pinangkane.”

28. Nalika Gusti Yesus memulang ana ing Padaleman Suci, Panjenengane nguwuh mangkene: “Pancen kowe padha wanuh marang Aku, lan iya padha weruh pinangkaKu, nanging tekaKu ora saka karepKu dhewe. Aku diutus dening Panjenengane kang asipat sayekti, kang kowe padha ora wanuh.

29. Aku kang wanuh, amarga wijilKu saka ing Panjenengane, lan iya iku kang ngutus Aku.”

30. Ing kono wong-wong mau padha ngarah nyekel Gusti Yesus, ewadene ora ana kang nganti nggepok sarirane, amarga durung tekan ing wektune.

31. Ananging ing antarane wong akeh iku akeh kang padha pracaya marang Panjenengane sarta pangucape: “Manawa Sang Kristus rawuh, apa iya bakal nindakake mukjijat luwih akeh katimbang karo kang katindakake dening panjenengane iki?”

32. Para wong Farisi tumuli padha krungu yen wong akeh padha grenengan kaya mangkono ing bab Panjenengane, mulane para pangareping imam lan para wong Farisi banjur padha kongkonan para tukang jaga Padaleman Suci dikon nyekel Panjenengane.

33. Gusti Yesus banjur ngandika: “Mung kari sawatara mangsa anggonKu ana ing antaramu, nuli Aku bakal sowan marang kang ngutus Aku.

34. Kowe bakal padha nggoleki Aku, nanging ora bakal ketemu, sarta kowe padha ora bisa marani padununganKu.”

35. Wong-wong Yahudi tumuli padha sapocapan: “Menyang ngendi ta parane wong kuwi, dene nganti aku ora padha bisa nemokake? Apa arep marani wong kang padha ngumbara ana ing antarane wong Yunani, arep memulang wong Yunani?

36. Apa tegese tembung kang diucapake: Kowe bakal padha nggoleki Aku nanging ora bakal ketemu, sarta kowe ora bakal padha bisa marani padununganKu?”

Banyu sumbering urip

7:37-44

37. Bareng dina wekasan yaiku nalika gedhe-gedhening riyaya mau, Gusti Yesus jumeneng sarta nguwuh: “Sing sapa ngelak, iku maranana Aku lan ngombea!

38. Sing sapa pracaya marang Aku iku kaya wiraose kitab: Ilen-ilen banyu urip bakal padha mili saka ing batine!”

39. Pangandikane mangkono iku mau kang dikarsakake yaiku Roh, kang bakal ditampa dening wong-wong kang padha pracaya marang Panjenengane. Dene nalika samana Roh Suci durung rawuh, amarga Gusti Yesus durung kamulyakake.

40. Wong akeh iku bareng krungu pangandika iku mau, ana sawatara kang banjur ngucap: “Nyata yen iku Kangjeng Nabi kang kita anti-anti.”

41. Liyane calathu: “Iku Sang Kristus.” Lan ana maneh kang ngucap: “Dudu, wijile Sang Kristus iku ora saka ing Galilea!

42. Amarga manut wirasane Kitab Suci wijile Sang Mesih iku mesthi saka trahe Sang Prabu Dawud.”

43. Temahane wong golongan padha diya-diniya bab ing ngatase Gusti Yesus.

44. Sarta ana panunggalane sawatara kang padha arep nyekel Panjenengane, ewadene ora ana kang nganti wani nggepok sarirane.

Gusti Yesus kabela dening Nikodhemus

7:45-52

45. Wong jaga mau tumuli padha menyang ing ngarsane para pangarepe imam lan para wong Farisi, sarta dipangandikani: “Kena apa kok ora kokgawa?”

46. Wangsulane wong-wong iku: “Salaminipun dereng nate wonten tiyang ingkang wicanten kados tiyang punika!”

47. Wangsulane para wong Farisi marang para wong jaga mau: “Apa kowe iya wus padha disasarake?

48. Para panggedhe lan para wong Farisi apa ana kang pracaya marang wong iku?

49. Nanging wong akeh kae padha ora weruh ing Toret, padha kena ing musibat.”

50. Nikodhemus sawijining wong panunggalane, kang biyen wus tau sowan Gusti Yesus, calathu:

51. “Punapa angger-angger kita ngukum tiyang, saderengipun tiyang punika dipun priksa lan dipun yektosi pratingkahipun?”

52. Kancane padha mangsuli: “Panjenengan punapa inggih tiyang Galilea? Sumangga panjenengan priksa ing salebeting Kitab Suci; temah panjenengan badhe uninga balih boten wonten nabi ingkang rawuh saking tanah Galilea.”

Wong wadon kang laku bandrek

7:53--8:11

53. Wong-wong iku mau banjur padha mulih sowang-sowangan,