Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 2 Kitab Sutji (JAV)

Manten ing desa Kana

2:1-11

1. Nalika ing dina katelune ing desa Kana tanah Galilea ana manten, sarta kang ibune Gusti Yesus ana ing kono.

2. Gusti Yesus dalah para sakabte, uga diulemi mrono.

3. Bareng padha kekurangan anggur, kang ibune Gusti Yesus tumuli ngandika marang Panjenengane: “Padha kentekan anggur.”

4. Pangandikane Gusti Yesus: “Ibu, panjenengan ngarsakaken punapa dhateng Kula? Dereng dumugi wekdal Kula.”

5. Nanging kang ibune Gusti Yesus banjur dhawuh marang para paladen: “Apa sadhawuhe marang kowe padha lakonana.”

6. Ing kono ana genthong watu wadhah banyu nenem, sadhiyan kanggo sesuci manut adate wong Yahudi, isine saben genthong mau rong klenthing utawa telung klenthing.

7. Gusti Yesus tumuli dhawuh marang para paladen mau: “Genthonge pada kebakana banyu!” Tumuli iya diiseni nganti kebak.

8. Gusti Yesus banjur ngandika: “Saiki cidhuken, lan aturna marang pitayaning gawe!” Banjur kelakon digawa.

9. Pitayaning gawe bareng ngicipi banyu kang wus dadi anggur mau -- lan dheweke ora sumurup pinangkane, awit kang sumurup mung para paladen kang padha nyidhuki banyune -- tumuli ngaturi panganten lanang,

10. sarta matur: “Saben tiyang nyegah anggur punika ingkang sae rumiyin. Dene manawi para tamu anggenipun ngunjuk sampun kathah lajeng saweg nyegahaken ingkang kirang sae. Nanging Panjenengan kok nyimpen anggur ingkang sae ngantos sapunika.”

11. Prakara mau katindakake dening Gusti Yesus ana ing Kana tanah Galilea, dadi wiwitaning mukjijat-mukjijat, lan srana mangkono Panjenengane wus mbabarake kaluhurane. Para sakabate tumuli padha pracaya marang Panjenengane.

Gusti Yesus ana ing kutha Kapernaum

2:12

12. Sawuse mangkono Gusti Yesus banjur tindak menyang ing kutha Kapernaum, bebarengan karo kang ibu lan para sadhereke tuwin para sakabate; nanging ana ing kono mung kendel sawatara dina bae.

Gusti Yesus nyucekake Padaleman Suci

2:13-25

13. Nalika ngarepake riyayane Paskah wong Yahudi, Gusti Yesus tindak menyang Yerusalem.

14. Ana ing Padaleman Suci Gusti Yesus mirsa wong-wong kang adol sapi, wedhus, manuk dara, apadene wong-wong preyalan padha dhasar ana ing kono.

15. Panjenengane mundhut tampar kagem pecut, banjur nundhungi wong-wong mau kabeh dalah wedhuse lan sapine, saka ing Padaleman Suci. Dhuwite preyalan-preyalan padha disuntaki, mejane padha digolingake.

16. Bakul-bakul dara padha kadhawuhan mangkene: “Kabeh iki padha singkirna saka ing kene! Padalemane Rama-Ku aja kokgewe omah padagangan.”

17. Para sakabate tumuli kelingan manawa ana tulisan mangkene: “Katresnan Kawula dhateng Padaleman Paduka punika ngantos nggrantesaken Kawula.”

18. Wong-wong Yahudi tumuli nyela atur marang Gusti Yesus: “Panjenengan saged damel mukjijat punapa ingkang saged Panjenengan ketingalaken dhateng kula sadaya, dene Panjenengan kok nindakaken pratingkah kados makaten?”

19. Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Padaleman Suci iki bubrahen, sajroning telung dina bakal Dakdegake maneh.”

20. Unjuke wong Yahudi: “Padaleman Suci punika kabangun ing salebetipun kawandasa nem taun, mangka Panjenengan kok badhe, ngadegaken salebeting tigang dinten?”

21. Nanging kang dipangandikakake Padaleman Suci iku sarirane piyambak.

22. Ing tembe, sawuse Gusti Yesus wungu saka ing antarane wong mati, para sakabate lagi padha kelingan, yen Panjenengane wus tau ngandika mangkono mau, banjur padha pracaya marang Kitab Suci lan marang pangandika kang kadhawuhake dening Gusti Yesus.

23. Nalika Gusti Yesus ana ing Yerusalem, sajrone riyaya Paskah, akeh wong pracaya marang Panjenengane, marga padha weruh mukjijat-mukjijat kang katindakake.

24. Ananging Gusti Yesus piyambak ora nganggep marang pracayane wong-wong iku mau, amarga kabeh wus diuningani,

25. sarta ora prelu ana wong kang nyaosi paseksen bab manungsa marang Panjenengane, jalaran Panjenengane wis mirsa piyambak apa kang ana ing batine manungsa.