Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 6 Kitab Sutji (JAV)

Gusti Yesus maringi mangan wong limang ewu

6:1-15

1. Sawuse mangkono Gusti Yesus tindak menyang ing sabrange sagara Galilea, yaiku sagara Tiberias.

2. Wong akeh padha grudugan ndherekake Panjenengane, amarga padha ndeleng mukjijat kang wus katindakake dening Gusti Yesus tumrap wong-wong kang padha lara.

3. Gusti Yesus tumuli minggah ing gunung, banjur lenggah ana ing kono, kaadhep dening para sakabate.

4. Nalika samana wus ngarepake Paskah, riyayane wong Yahudi.

5. Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha grudugan sowan, banjur ngandika marang Filipus: “Ing ngendi anggon kita arep tuku roti, supaya wong-wong iki bisa mangan?”

6. Anggone ngandika mangkono iku mung kagawe nyoba, awit wus mirsa piyambak apa kang bakal katindakake.

7. Unjuke Filipus: “Roti pangaos kalih atus dinar boten badhe nyekapi kangge tiyang samanten kathahipun punika, sanadyan namung sami kabagean nyakedhik.”

8. Sawijining sakabat iya iku Andreas sadulure Simon Petrus tumuli munjuk:

9. “Punika wonten lare ingkang mbekta roti sair gangsal kaliyan ulam loh kalih, nanging punika nggawer sapinten kangge tiyang samanten kathahipun punika?”

10. Gusti Yesus ngandika: “Wong-wong iku konen padha linggih!” Anadene ing kono akeh sukete, wong-wong mau banjur padha linggih, kang lanang cacahe watara limang ewu.

11. Gusti Yesus tumuli mundhut roti mau, lan sawuse saos sokur, banjur diedum-edum marang kang padha linggih ing kono, mangkono uga iwake, sakarepe olehe arep padha mangan.

12. Sawuse padha wareg, Gusti Yesus tumuli dhawuh marang para sakabate: “Cuwilan turahane padha klumpukna, supaya aja ana kang kececeran!”

13. Banjur iya diklumpukake oleh rolas wakul kebak isi cuwilan roti sair lima mau, yaiku sisane kang wus padha dipangan dening wong-wong mau.

14. Bareng wong-wong mau ndeleng kaelokan kang ditindakake dening Gusti Yesus iku, tumuli padha ngucap: “Panjenengane iku nyata Kangjeng Nabi kang bakal rawuh ing jagad.”

15. Sarehne Gusti Yesus pirsa, yen sedyane wong-wong iku padha teka arep mboyong Panjenengane kalawan peksan, arep kajumenengake ratu, Panjenengane banjur sumingkir minggah ing gunung maneh piyambakan.

Gusti Yesus tindak napak ing banyu

6:16-21

16. Bareng wayah sore para sakabate padha mudhun menyang ing sagara, banjur padha nunggang prau

17. arep nyabrang menyang ing Kapernaum. Bareng wus wengi, Gusti Yesus kok meksa durung rawuh,

18. mangka ombaking sagara ngedab-edabi, amarga katempuh ing angin gedhe.

19. Bareng olehe padha ndhayung para sakabat mau wus oleh watara loro utawa telung mil, weruh Gusti Yesus tindak napak ing banyu nyelaki praune, temahan padha wedi.

20. Nanging tumuli dipangandikani: “Iki Aku, aja padha wedi!”

21. Para sakabat banjur ngaturi Panjenengane minggah ing prau, lan sanalika iku uga praune tekan ing dharatan kang kasedya.

Wong akeh padha nggoleki Gusti Yesus

6:22-59

22. Esuke wong akeh kang isih ana ing sabranging sagara, padha sumurup yen ing kono ora ana prau maneh kajaba mung siji mau, mangka Gusti Yesus ora nitih bareng karo sakabate, mung para sakabat dhewe kang mancal.

23. Nanging tumuli ana prau liyane sawatara teka saka ing Tiberias ana ing sacedhake panggonan mangan roti sawuse Gusti caos sokur mau.

24. Bareng padha weruh yen Gusti Yesus ora ana ing kono dalah para sakabate, banjur iya padha nunggang prau, nusul menyang ing Kapernaum, nggoleki Gusti Yesus.

25. Bareng wong-wong mau meruhi Panjenengane ana ing sabrange sagara, tumuli padha munjuk: “Rabbi, kala punapa anggen Paduka rawuh ing ngriki?”

26. Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe, kowe padha nggoleki Aku iku ora awit kowe padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg.

27. Padha tumindaka ing gawe, aja supaya oleh pangan kang kena ing rusak, nanging supaya kang kena ing rusak, nanging supaya oleh pangan kang bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingake marang kowe dening Putraning Manungsa, awit iya Panjenengane iku kang wus disahake kalawan dicap dening Sang Rama Allah.”

28. Wong-wong mau banjur padha munjuk: “Kawula kedah sami nglampahi punapa supados nindakaken padamelan ingkang kakarsakaken dening Allah?”

29. Dhawuh wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Iki pagawean kang dikarsakake dening Gusti Allah, yaiku supaya kowe padha pracaya marang kang kautus dening Allah.”

30. Unjuke wong-wong mau: “Pratandha punapa ingkang Paduka tindakaken, supados kawula saged sami ningali sarta lajeng pitados dhateng Paduka? Paduka nglampahi pandamel punapa?

31. Para leluhur kawula sami nedha mana wonten ing ara-ara-samun, kados ingkang sampun kaseratan: Padha diparingi roti saka ing swarga.”

32. Pangandikane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Dudu Nabi Musa kang maringi roti marang kowe saka swarga iku, nanging RamaKu kang maringi roti sajati kang saka swarga marang kowe kabeh.

33. Awitdene roti kang saka Gusti Allah yaiku kang tumurun saka ing swarga sarta kang nguripi jagad.”

34. Unjuke wong-wong mau: “Gusti, kawula mugi Paduka paringi roti punika ing salaminipun!”

35. Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki roti panguripan; sing sapa marani Aku, iku ora bakal luwe maneh, sarta sing sapa pracaya marang Aku, iku ora bakal ngelak maneh.

36. Nanging kowe wus padha Daktuturi: Sanadyan kowe wus padha ndeleng marang Aku, ewadene padha ora pracaya.

37. Kabeh kang diparingake marang Aku dening Sang Rama, iku bakal padha marani Aku. Sarta sapa kang marani Aku ora bakal Daktampik.

38. Sabab anggonKu tumurun saka ing swarga iku ora supaya nglakoni karepKu dhewe, nanging karsane kang ngutus Aku.

39. Dene karsane Sang Rama kang ngutus Aku iku mangkene: Kabeh kang wus kaparingake marang Aku iku aja nganti ana kang ilang, nanging supaya Daktangekna besuk ing wekasaning jaman.

40. Sabab karsane RamaKu iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwenana urip langgeng, sarta supaya Aku nangekna besuk ing wekasaning jaman.”

41. Wong-wong Yahudi banjur pating kedumel ing bab Panjenengane, awit ana pangandikane mangkene: “Aku iki roti kang tumurun saka ing swarga.”

42. Padha grenengan mangkene: “Apa iku dudu Yesus anake Yusuf? Aku rak padha wanuh karo bapa-biyunge? Kang iku kapriye kok duwe pangucap: Aku tumurun saka ing swarga?”

43. Gusti Yesus banjur mangsuli pangandikane: “Aja padha pating kedumel.

44. Ora ana wong kang bisa marani Aku, kajaba manawa digendeng dening Sang Rama kang ngutus Aku, amarga Aku kang bakal nangekake besuk ing wekasaning jaman.

45. Ing kitabe para nabi ana tulisan mangkene: “Wong kabeh bakal kawulang dening Allah.” Mulane sok wonga kang wus ngrungokake sarta nampani piwulang saka Sang Rama, iku marani Aku.

46. Kang mangkono iku ora ateges ana wong kang wus weruh marang Sang Rama. Mung kang pinangkane saka ing Allah iku kang wus ndeleng Sang Rama.

47. Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa pracaya, iku nduweni urip langgeng.

48. Aku iki roti panguripan.

49. Leluhurmu padha mangan mana ana ing ara-ara-samun, nanging wis padha mati.

50. Iki roti kang tumurun saka ing swarga: Sing sapa mangan iku, ora bakal mati.

51. Aku iki roti kang urip, kang wus tumurun saka ing swarga. Manawa wong mangan roti iki, bakal urip ing salawas-lawase. Anadene roti bakal pawewehKu yaiku dagingKu, kang bakal Dakwenehake kanggo uripe jagad.”

52. Wong-wong Yahudi tumuli padha bebantahan, pangucape: “Wong iku kapriye bisane menehake daginge supaya padha dakpangan?”

53. Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Satemen-temene pituturKu marang kowe. Manawa kowe ora mangan daginge Putrane Manungsa lan ora ngombe getihe mesthi ora padha kadunungan urip.

54. Sapa wong kang mangan dagingKu lan ngombe getihKu, iku nduweni urip langgeng, sarta Aku kang bakal nangekake besuk ing dina wekasaning jaman.

55. Sabab dagingKu iku pangan kang sajati, lan getihKu iku omben-omben kang sajati.

56. Wong kang mangan dagingKu lan ngombe getihKu, iku dadi tetep ana ing Aku, lan Aku ana wong iku.

57. Padha kaya Sang Rama kang gesang ngutus Aku lan Aku urip dening Sang Rama, mangkono uga sing sapa mangan Aku iku iya bakal urip dening Aku.

58. Iki roti kang wus tumurun saka ing swarga. Dudu roti kaya kang dipangan dening para leluhurmu, lan banjur wus padha mati. Sing sapa mangan roti iki bakal urip ing salawas-lawase.”

59. Anggone mangandikakake iku mau nalika Gusti Yesus mulang ana ing papan pangibadah ing Kapernaum.

Para siswa ing Galilea kang pada mundur

6:60-66

60. Para siswa bareng krungu kang mangkono mau akeh kang padha ngucap mangkene: “Tetembungan iki keras temenan, kang betah ngrungokake bae sapa?”

61. Gusti Yesus mirsa sajroning panggalih manawa siswane padha ngedumel ing bab iku mau, banjur mangandikani: “Apa kowe padha kacenthok ing pituturKu iku mau?

62. Kang iku kapriye saupama kowe padha weruh Putrane Manungsa sumengka menyang padunungane kang dhisik?

63. Roh iku kang nguripake, daging iku ora ana paedahe. Tembung kang Daktuturake marang kowe iku roh lan urip.

64. Nanging ana panunggalanmu kang ora pracaya.” Pancen Gusti Yesus ora kekilapan wiwit-wiwitan mula, sapa wonge kang padha ora pracaya, lan kang bakal masrahake Panjenengane.

65. Panjenengane banjur ngandika: “Mulane kowe wus padha Dakwarah mangkene: Ora ana wong kang bisa marani Aku kajaba manawa wus kaparingan wewenang saka Sang Rama.”

66. Wiwit nalika iku para siswane akeh kang padha mundur, wus ora ndherekake tindake maneh.

Pangakune Petrus

6:67-71

67. Kang iku Gusti Yesus ngandika marang sakabat rolas: “Apa kowe ora padha arep lunga uga?”

68. Atur wangsulane Simon Petrus: “Gusti, ingkang kawula purugi sinten? Pangandika Paduka punika pangandikaning gesang langgeng.

69. Saha kawula sampun sami pitados tuwin sumerep, bilih Paduka punika Sang Suci kagunganing Allah.”

70. Pangandikane Gusti Yesus: “Rak Aku dhewe kang milih kowe wong rolas iki, nanging salah siji ing panunggalanmu iku Iblis.”

71. Anadene kang dipangandikakake mangkono iku Yudas anake Simon Iskariot, marga iku panunggalane sakabat rolas, kang bakal ngulungake Gusti Yesus.