Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 12:34-43 Kitab Sutji (JAV)

34. Wong akeh tumuli mangsuli: “Pamireng kula saking angger-anggering Toret, Sang Kristus punika badhe tetep gesang ing salami-laminipun; kadospundi dene Panjenengan ngandika, bilih Putraning Manungsa pinasthi kasengkakaken? Menggah Putranipun Manungsa punika sinten?”

35. Gusti Yesus tumuli ngandika: “Pepadhang iku ana ing kowe mung kari sagebyaran bae. Sasuwene pepadhang iku ana ing kowe, pracayaa marang dheweke, supaya kowe aja nganti kesaput ing pepeteng, sing sapa lumaku ana ing pepeteng, iku ora weruh menyang ngendi parane.

36. Mumpung kowe padha kanggonan pepadhang, padha pracayaa marang pepadhang iku, supaya kowe padha dadia ahlining pepadhang.”Sawuse ngandika mangkono, Gusti Yesus tumuli tindak asingidan.

37. Sanadyan Gusti Yesus wus nindakake mukjijat samono akehe ana ngarepe wong-wong iku, ewadene padha ora pracaya marang Panjenengane,

38. supaya kayektenana pamedhar wangsite Nabi Yesaya, mangkene:“Dhuh, Pangeran, sinten ingkang pitados dhateng pawartos kawula?Punapa dene sinten ingkang kawedharan asta panguwaosing Pangeran?”

39. Marga saka iku mulane wong-wong padha ora pracaya, jalaran Nabi Yesaya wus ngandika uga mangkene:

40. “Panjenengane wus padha micakake mripate lan mangkalake atine, supaya aja padha nganti ndeleng sarana mripate lan mangreti sarana atine, temah padha mratobat sarta Sunwarasake.”

41. Bab iki dipangandikakake dening Nabi Yesaya marga wus ningali kamulyane sarta wus mangandikakake bab Panjenengane.

42. Suprandene akeh uga para panggedhe kang padha pracaya marang Gusti Yesus, nanging marga saka para wong Farisi, pracayane mau ora kanthi blak-blakan, supaya aja nganti disebratake.

43. Awitdene padha luwih seneng marang kaurmatan kang saka manungsa tinimbang karo kaurmatan kang saka ing Gusti Allah.

maca bab lengkap Yokanan 12