Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yakobus 2:6-22 Kitab Sutji (JAV)

6. Nanging kowe iku padha ngremehake marang wong miskin. Malah apa ora wong sugih kang padha nganiaya kowe sarta nyered kowe marang ngarsane pangadilan?

7. Apa dudu iku kang padha nyenyamah Asma kang mulya, kang njalari kowe padha dadi kagungane Gusti Allah

8. Nanging, manawa kowe netepi angger-angger kang utama kang katulis ing Kitab Suci: “Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe,” dadi sira tumindak becik.

9. Nanging manawa kowe padha mawang wong, kowe nglakoni dosa sarta marga saka angger-angger iku, banjur nyata yen kowe nglakoni panerak.

10. Jalaran sing sapa netepi sakehing angger-angger iku, mangka nglirwakake saprakara, dheweke iku kaluputan marang sakabehe.

11. Jalaran Panjenengane kang ngandika: “Sira aja laku bedhang,” iku uga ngandika: “Sira aja memateni.” Dadi sanadyan kowe ora laku bedhang, nanging gawe pepati, iku kowe uga dadi wong kang nerak ing angger-angger.

12. Calathua sarta tumindaka kaya wong kang bakal padha diadili miturut angger-anggering kamardikan.

13. Awitdene tumindake pangadilan iku bakal tanpa welas ing ngatase wong kang ora nglakoni kawelasan. Nanging kawelasan iku bakal unggul lawan pangadilan.

14. He para sadulurku, paedahe apa, manawa ana wong ngaku nduweni pracaya, mangka ora ana panggawene?

15. Saupama ana sadulur lanang utawa wadon kang kacingkrangan ing bab sandhang lan pangane ing saben dinane,

16. nuli ana panunggalanmu kang nuturi mangkene: “Wis mangkata, daksangoni slamet, nganggoa sandhangan kang anget sarta mangana sing wareg.” Nanging ora menehi kang dadi kabutuhane badane, iku paedahe apa?

17. Mangkono uga tumrap pracaya: Manawa pracaya iku ora dikantheni panggawe, iku sajatine mati.

18. Nanging bisa uga ana kang muni mangkene: “Kowe iku kang nduweni pracaya, aku iki nduweni panggawe.” Aku bakal mangsuli: “Mara tuduhana pracayamu kang tanpa panggawe iku, sarta kowe bakal daktuduhi pracayaku saka panggawe-panggaweku.”

19. Kowe pracaya, manawa mung ana Gusti Allah siji? Iku becik. Nanging setan uga pracaya ing bab iku, banjur padha gumeter.

20. He, wong bodho, apa kowe saiki gelem ngakoni, manawa pracaya tanpa panggawe iku pracaya kang kothong.

21. Leluhur kita Rama Abraham iku apa ora awit saka panggawe-panggawene anggone kabenerake, nalika nyaosake kang putra Iskak ana ing misbyah?

22. Kowe padha sumurup, manawa pracaya iku tumindak bebarengan karo panggawe, sarta marga saka panggawe iku pracaya dadi sampurna.

maca bab lengkap Yakobus 2