Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 4:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing sawijining dina Gusti Yesus wiwit memulang maneh ana ing pinggiring sagara. Banjur akeh banget wong kang padha nglumpuk ana ing ngarsane, mulane Gusti minggah ing prau kang pinuju labuh lan lenggah ing kono, dene wong kabeh padha ana ing dharatan, ing pinggir sagara.

2. Banjur padha diparingi piwulang bab prakara akeh kalawan pasemon. Anggone mulang pangandikane mangkene:

3. “Padha rungokna! Ana juru nyebar metu nyebar wiji.

4. Anggone nyebar mau ana kang tumiba ing pinggir dalan, nuli ana manuk kang padha teka nucuki wiji-wiji mau nganti entek.

5. Ana kang tumiba ing lembah kang akeh watune, lemahe mung sathithik. Wijine enggal tuhukul, amarga lemahe tipis.

6. Nanging bareng srengengene saya dhuwur, banjur alum lan dadi garing amarga ora ana oyode.

7. Ana maneh kang tumiba ing eren; bareng thethukulan eri iku saya gedhe, wijine kendhih banjur mati, temahan ora metu wohe.

8. Ana kang tumiba ing lemah becik, iku thukul kanthi subur lan banjur metu wohe ana kang tikel telung puluh, ana kang tikel sawidak, ana kang tikel satus.”

9. Apamaneh pangandikane: “Sapa kang duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”

10. Nalika Panjenengane piyambakan, para pandhereke lan para sakabate rolas padha nyuwun katrangan bab pasemon mau.

11. Paring wangsulane, “Kowe kabeh wis padha kaparingan kekerane Kratoning Allah, nanging marang wong-wong jaba samubarang kabeh kaparingake kanthi pasemon,

12. supaya:Sanadyan ndeleng, ora weruh,sanadyan krungu, ora ngreti,supaya aja padha mratobat lan oleh pangapura.”

maca bab lengkap Markus 4