Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 19:37-48 Kitab Sutji (JAV)

37. Bareng cedhak karo kutha Yerusalem, ana ing dalan kang mudhun saka ing gunung Zaitun, kabeh para siswa kang ndherekake tindake padha wiwit giyak-giyak lan memuji marang Gusti Allah kanthi swara sora marga saka anane mukjijat-mukjijat, kang wis padha dideleng.

38. Mangkene pangucape:“Binerkahana Sang Prabu ingkang rawuh atas asmaning Pangeran, tentrem rahayu wonten ing swarga, saha kamulyan wonten ing luhuring ngaluhur!”

39. Ana wong Farisi sawatara kang awor karo wong akeh, iku matur marang Gusti Yesus: “Guru, para siswa Panjenengan punika kula aturi ndukani.”

40. Paring wangsulane: “Aku pitutur ing kowe: Manawa wong iku padha meneng, watu-watu iki bakal padha nguwuh-uwuh.”

41. Bareng tindake wis saya cedhak lan mirsa kutha iku banjur dimuwuni,

42. pangandikane: “Adhuh, iba becike manawa ing dina iki uga kowe nyumurupi apa kang prelu kanggo tentrem rahayumu! Nanging ing saikine bab iku sinamar tumrap mripatmu.

43. Sabab bakal tumeka wektune, mungsuhmu padha makuwon ing saubengmu, sarta ngepung lan ngrampid kowe saka ing ngendi-endi.

44. Kowe bakal kagempur nganti wrata karo lemah bareng karo anak-anakmu, sarta mungsuhmu ora bakal nglestarekake watu kang siji tumumpang ing watu liyane ing tembokmu, awit kowe ora nyumurupi wayahe anggone Gusti Allah nuweni kowe.”

45. Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci, wong kang padha dedagangan ana ing kono padha ditundhungi kabeh,

46. padha dipangandikani mangkene: “Ana tulisan: PadalemaningSun iku dalem pamujan, kok kokdadekake susuh begal.”

47. Saben dina Panjenengane memulang ana ing Padaleman Suci. Para pangareping imam lan para ahli Toret apadene para panggedhening bangsa Israel padha ngudi nyirnakake Panjenengane,

48. nanging padha ora ngreti patrape kapriye, amarga kabeh wong padha tansah ngraketi Panjenengane sarta padha kapengin ngrungokake piwulange.

maca bab lengkap Lukas 19