Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 23:4-12 Kitab Sutji (JAV)

4. Wong-wong kang padha ana ing kono calathu: “Kowe iku nyenyamah marang Imam-Agunging Allah!”

5. Paring wangsulane Rasul Paulus: “O, para sadherek, kula boten mangretos bilih panjenenganipun punika Sang Imam Agung. Pancen wonten seratan makaten: Sira aja ngucapake tembung ala marang panggedhening bangsamu!”

6. Sarehne panjenengane mirsa, yen wartaning Pradata iku ana kang kalebu golonganing wong Saduki lan ana kang kalebu golonganing wong Farisi, mulane banjur nguwuh ana ing ngarsaning Pradata Agama: “Para sadherek, kula punika tiyang Farisi; kula dipun ladosaken dhateng ing ngarsaning Pradata punika, jalaran kula ngajeng-ajeng dhateng tanginipun tiyang pejah.”

7. Bareng panjenengane ngandika mangkono, wong-wong Farisi lan wong-wong Saduki padha dredah satemah wong akeh banjur pecah dadi rong golongan.

8. Amarga wong Saduki iku padha nganggep, yen patangen iku ora ana lan iya ora ana malaekat utawa roh, balik wong Farisi nganggep loro-lorone.

9. Mulane banjur dadi rame banget. Ana ahli Toret sawatara saka golongan Farisi kang maju sarta madoni kalawan keras ujare: “Tumrap kula, tiyang punika boten gadhah kalepatan! Bokmanawi wonten roh utawi malaekat ingkang sampun mangandikani piyambakipun.”

10. Temahan kaanan ing kono saya kisruh banget. Panggedhening prajurit kuwatir, manawa Rasul Paulus nganti disempal-sempak dening wong-wong mau, mulane nuli dhawuh marang prajurit-prajurit, supaya padha mundhun ngrebut Rasul Paulus saka ing satengahing wong akeh lan digawa menyang ing beteng.

11. Bengine Gusti rawuh jumeneng ana ing sandhinge lan ngandika marang panjenengane: “Sing teteg atinira, sabab kaya dene anggonira kalawan kendel nekseni Ingsun ana ing Yerusalem, mangkono uga sira iya prelu nekseni ana ing kutha Rum.”

12. Bareng wis raina wong-wong Yahudi nganakake komplotan lan sumpah kalawan nyupatani awake dhewe, ora bakal mangan utawa ngombe sadurunge nyedani Rasul Paulus.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 23