Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Galati 1 Kitab Sutji (JAV)

Salam

1:1-5

1. Saka Paulus, rasul kang ora awit saka manungsa, uga ora dening manungsa, nanging dening Gusti Yesus Kristus lan Gusti Allah, Sang Rama, kang wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati,

2. lan saka sakehe sadulur kang dadi kanthiku, marang pasamuwan-pasamuwan ing tanah Galati:

3. Sih-rahmat anaa ing kowe lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus,

4. kang wus masrahake sarirane krana dosa-dosa kita, supaya kita diluwarana saka ing jagad ala kang saiki iki, manut karsane Gusti Allah lan Rama kita,

5. kang sayogya kaluhurna ing salawas-lawase! Amin.

Mung ana Injil siji

1:6-10

6. Aku gumun, dene kowe enggal temen padha nyingkur Panjenengane, kang marga sih-rahmate Sang Kristus wus nimbali kowe, sarta banjur kelu marang injil liyane,

7. kang satemene dudu Injil; mung ana wong sawatara kang mbingungake kowe lan kang sumedya nginger-inger Injile Sang Kristus.

8. Nanging sanadyan, ta, aku kabeh, utawa sawijining malaekat saka ing swarga martakake marang kowe injil kang beda karo Injil kang wus padha dakwartakake marang kowe, iku kenaa ing laknat!

9. Kaya anggonku wus padha mituturi biyen, saiki iku dakkandhakake sapisan maneh: manawa ana wong kang martakake marang kowe kabeh injil kang beda karo kang wus koktampani, iku kenaa ing laknat!

10. Dadi kapriye saikine: kang dakgoleki iku karepe manungsa apa karsane Gusti Allah? Apa aku ngudi gawe senenge manungsa? Saupama aku isih kapengin gawe senenge manungsa, dadi aku dudu abdine Sang Kristus.

Bab kapriye anggone Rasul Paulus dadi rasul

1:11-24

11. Amarga kowe padha daksumurupake, sadulur-sadulur, mungguh Injil kang dakwartakake iku dudu injiling manungsa.

12. Awit anggonku nampani ora saka manungsa, lan iya dudu manungsa kang mulangake bab iku marang aku, nanging marga saka pamangsite Gusti Yesus Kristus.

13. Sabab kowe wus padha krungu bab uripku biyen ana ing wewengkone agama Yahudi: luwih dening banget anggonku nguya-uya lan ngrusak Pasamuwaning Gusti Allah.

14. Lan ing bab agama Yahudi aku ngluwihi kanca-kanca barakanku kang akeh-akeh ing antarane bangsaku; aku dadi wong kang sregep banget ngleluri adat-tata-carane para leluhurku.

15. Nanging bareng Panjenengane, kang wus miji aku wiwit aku isih ana ing guwagarbaning ibuku, lan nimbali aku marga saka sih-rahmate,

16. kepareng mbabarake Kang Putra ana ing aku, supaya aku martakake Panjenengane ana ing antarane bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi, aku ora njaluk tetimbanganing manungsa;

17. aku uga ora lunga menyang Yerusalem nemoni para wong kang wus dadi rasul sadurunge aku, nanging aku menyang tanah Arab, lan saka ing kono bali maneh menyang ing kutha Damsyik.

18. Sawuse telung taun aku banjur menyang Yerusalem prelu nemoni Kefas, lan aku nginep ing omahe limalas dina.

19. Nanging aku ora ketemu rasul liyane siji-sijia, kajaba Yakobus, sadhereke Gusti.

20. Aku ora goroh ana ing ngarsane Gusti Allah, apa kang daktulis iki temenan.

21. Sawise iku aku banjur menyang ing laladane tanah Siria lan Kilikia.

22. Nanging pasamuwan-pasamuwane Sang Kristus ing Yudea tetep ora padha sumurup marang rupaku.

23. Mung padha krungu, yen wong kang biyen nguya-uya wong-wong mau, saiki martakake iman kang biyen diarah sirnane.

24. Lan wong-wong mau banjur padha ngluhurake Gusti Allah marga saka aku.