Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Galati 3 Kitab Sutji (JAV)

Kabenerake marga saka iman

3:1-14

1. He wong Galati kang tanpa budi, sapa ta kang mblithuk kowe? Gusti Yesus Kristus kang kasalib iku rak wus kagambar kanthi cetha wela-wela ana ing ngarepmu ta?

2. Mung iki kang arep dakngreteni saka kowe: Apa anggonmu wus padha nampani Roh iku marga saka nglakoni angger-anggering Toret, apa marga saka pangundhanging pracaya?

3. Nganti samono anggonmu padha tanpa budi. Kowe wus miwiti kalawan Roh, apa kowe saiki arep mungkasi kalawan daging?

4. Apa muspra kabeh kang wus padha kokalami kang samono akehe iku? Masa yen muspra!

5. Dadi kapriye saikine, apa Panjenengane kang maringi Roh marang kowe nganti luber lan nindakake mukjijat ana ing antaramu, anggone nindakake mangkono iku, apa marga kowe nglakoni angger-anggering Toret apa marga saka pangundhanging pracaya?

6. Iya kanthi patrap mangkono iku anggone Rama Abraham kumandel marang Gusti Allah, sarta yaiku kang dening Gusti Allah njalari banjur kaanggep bener.

7. Dadi kowe ngreti manawa wong-wong kang urip saka pracaya iku padha dadi putrane Rama Abraham.

8. Lan Kitab Suci, kang sadurunge wus sumurup manawa Gusti Allah nganggep bener marang wong-wong kang dudu wong Yahudi marga saka pracaya, wus luwih dhisik martakake injil marang Rama Abraham: “Iya ana ing sira kabeh bangsa bakal diberkahi.”

9. Dadi wong-wong kang urip saka pracaya, iya iku kang padha diberkahi bebarengan karo Rama Abraham kang kumandel iku.

10. Awit kabeh wong, kang uripe saka ayahane angger-anggering Toret iku kabawah ing laknat, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat wong kang ora setya anggone nglakoni samubarang kang katulis ana ing kitab angger-anggering Toret.”

11. Lan iya wus cetha yen ora ana wong kang kaanggep bener ana ngarsane Gusti Allah marga saka nglakoni angger-anggering Toret, awit: “Wong kang kaanggep bener iku bakal urip marga saka pracaya.”

12. Awit angger-anggering Toret iku dhasare dudu iman, nanging sapa kang nglakoni angger-angger, iku bakal urip dening angger-angger.

13. Sang Kristus wus nebus kita saka laknate angger-anggering Toret srana dadi laknat piyambak marga saka kita, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat saben wong kang digantung ing kayu salib iku!”

14. Kalawan mangkono iku berkahe Rama Abraham ana ing Gusti Yesus Kristus tumeka marang bangsa-bangsa liya, supaya kita marga saka pracaya bisa nampani prasetyaning Roh.

Angger-anggering Toret apa prasetya

3:15-29

15. Para sadulur, becike aku daknganggo conto padinan. Sawijining wasiyat kang wus kaabsahake iku, sanadyan ta saka manungsa, ora ana wong kang bisa mbatalake utawa nambahi.

16. Anadene kabeh prasetya iku kapangandikakake marang Rama Abraham lan marang turune. Panjenengane ora ngandika: “Marang turun-turune” kang kaya-kaya ateges wong akeh, nanging mung wong siji: “lan marang turunmu”, yaiku Sang Kristus.

17. Karepku yaiku prasetya kang sadurunge wus kaabsahake dening Gusti Allah iku ora bisa dibatalake dening angger-anggering Toret, kang lagi ana sawuse patang atus telung puluh taun, nganti prasetya iku ilang kakuwatane.

18. Sabab manawa kang kaabsahake dening Gusti Allah iku asale saka angger-anggering Toret, mesthine asale ora saka prasetya; nanging malah marga saka prasetya Gusti Allah wus maringake sih-rahmate marang Rama Abraham.

19. Lha yen mangkono apa tegese angger-anggering Toret iku? Iku ditambahake awit saka anane panerak-panerak nganti rawuhe turun kang dikarepake ing prasetya iku -- lan angger-anggering Toret iku kaparingake lumantar malaekat-malaekat marang astane sawijining pantara.

20. Dene sawijining pantara iku ora mung dadi wakile wong siji bae, mangka Gusti Allah iku siji.

21. Lha yen mangkono apa angger-anggering Toret iku sulaya karo kabeh prasetyaning Allah? Babar pisan ora. Sabab saupama angger-anggering Toret kang kaparingake iku bisa nguripake, mesthine kabeneran iku pancen tuwuh saka angger-anggering Toret.

22. Nanging Kitab Suci wus nggolongake samubarang kabeh marang pamengkuning dosa, supaya awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus prasetya mau kaparingake marang wong kang padha pracaya.

23. Nanging sadurunge tekane pracaya iku, kita kawengku ing pangreksaning angger-anggering Toret, kakurung nganti pracaya iku wus kalairake.

24. Dadi angger-anggering Toret iku minangka pamomong kita nganti Sang Kristus rawuh, supaya kita kaanggep bener marga saka pracaya.

25. Nanging saiki pracaya iku wus teka, dadine kita wus ora kabawah maneh ing pangreksane pamomong.

26. Sabab marga saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus kowe padha dadi putrane Gusti Allah.

27. Awit kowe kabeh, kang padha kabaptis ana ing Sang Kristus, wus padha ngrasuk marang Sang Kristus.

28. Ing bab iki ora ana wong Yahudi utawa wong Yunani, ora ana batur tukon utawa wong mardika, ora ana lanang utawa wadon, awit kowe kabeh padha dadi siji ana ing Sang Kristus Yesus.

29. Mangka yen kowe kagungane Sang Kristus, ateges kowe padha dadi trahing Rama Abraham lan padha dadi ahli waris miturut prasetya.