Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Galati 2 Kitab Sutji (JAV)

Rasul Paulus diakoni dening para rasul

2:1-10

1. Sawuse mangkono, bareng wus luwih saka patbelas taun, aku menyang Yerusalem maneh karo Barnabas, dene Titus uga dakajak.

2. Anggonku mrana mau awit saka kaparingan wangsit. Lan sadulur-sadulur ing kono padha dakkandhani bab Injil kang dakwartakake ana ing antarane para bangsa dudu bangsa Yahudi -- sajroning rerembugan dhewekan karo para kang kajen keringan --, supaya aja nganti tanpa gawe anggonku mbudi-daya lan wus mbudi-daya iku.

3. Nanging Titus kang bebarengan karo aku iku, sanadyan ta wong Yunani, ewasamono ora dipeksa tetak.

4. Pancen ana pandhesek saka sadulur-sadulur palsu kang padha nyusup mlebu, yaiku kang nyusup saprelu ngulat-ulatake kamardikan kita kang kita duweni ana ing Sang Kristus Yesus, supaya kanthi mangkono padha bisa ngawulakake kita.

5. Nanging sathithik bae aku padha ora gelem mundur lan emoh teluk marang wong-wong mau, supaya kayektene Injil bisa tetep ana ing kowe.

6. Lan mungguh para wong kang kaanggep kajen keringan iku -- kapriye mungguh kelenggahane biyen, iku ora prelu tumrap aku, sabab Gusti Allah ora mawas wong kang kajen iku ora mbubuhi apa-apa maneh marang aku.

7. Nanging kosokbaline, sawuse wong-wong iku padha ngreti manawa aku wus dipracaya martakake Injil marang wong-wong kang ora tetak, padha kaya Petrus kanggo wong-wong kang tetak

8. -- awit Panjenengane kang wus maringi kakuwatan marang Petrus minangka rasul tumrap wong-wong kang tetak, -- Panjenengane uga kang wus maringi kakuwatan marang aku kanggo wong-wong kang ora tetak.

9. Lan sawuse nyumurupi sih-rahmat kang kaparingake marang aku, Yakobus, Kefas lan Yokanan, kang kaanggep padha dadi saka-guruning pasamuwan, banjur sesalaman karo aku lan Barnabas minangka pratandhaning patunggalan, supaya aku maranana marang wong-wong kang ora tetak, lan dheweke padha marang para wong tetakan;

10. mung aku kabeh kudu tansah eling marang wong-wong miskin lan pancen iya iku kang padha dakprelokake kalawan temen-temen.

Rasul Paulus mabeni Rasul Petrus

2:11-14

11. Nanging nalika Kefas teka ing Antiokhia, tanpa tedheng aling-aling dakpadoni, sabab dheweke luput.

12. Awit sadurunge ana wong sawatara saka golongane Yakobus teka, dheweke kembul mangan karo sadulur-sadulur kang ora tetak, nanging satekane wong-wong mau, dheweke mundur lan misah marga wedi marang sadulur kang tetak.

13. Lan para wong Yahudi liyane uga melu-melu tumindak lamis kaya dheweke, dalah Barnabas dhewe iya banjur kelu.

14. Nanging bareng aku ngreti tumindake iku ora cocog karo kayektene Injil, aku pitutur marang Kefas ana ing sangarepe wong kabeh: “Manawi panjenengan, tiyang Yahudi, gesang kadosdene tiyang ingkang boten tepang kaliyan Gusti Allah tuwin boten kados tiyang Yahudi, kadospundi dene panjenengan kok badhe meksa sadherek-sadherek ingkang boten tetak supados gesang kados tiyang Yahudi?”

Bab kang baku, uga kanggo wong Kristen turunan Yahudi

2:15-21

15. Kita sadaya punika tiyang Yahudi asli sanes tiyang dosa saking bangsa-bangsa sanes.

16. Panjenengan sami nguningani bilih boten wonten tiyang satunggal-satunggala kemawon ingkang kaanggep leres margi saking nglampahi angger-anggering Toret, nanging namung amargi pitados dhumateng ing Sang Kristus Yesus. Pramila kita ugi sampun pitados dhumateng Sang Kristus Yesus, supados kita sami kaanggep leres, amargi saking pitados dhumateng Sang Kristus lan boten margi saking nglampahi angger-anggering Toret. Awit: “boten wonten tiyang satunggal-satunggala ingkang kaanggep leres”, amargi nglampahi angger-anggering Toret.

17. Nanging manawi kita piyambak ing salebeting ngudi supados kaanggep leres wonten ing Sang Kristus punika nyatanipun tiyang-tiyang dosa, punapa punika lajeng ateges bilih Sang Kristus punika dados paladosing dosa? Babar pisan boten.

18. Awit manawi kula mbangun malih punapa ingkang sampun kula risak, punika kula ngatingalaken manawi kula punika nerak angger-anggering Toret.

19. Awit kula sampun pejah margi saking anggger-anggering Toret kangge angger-anggering Toret supados kula gesang kagem Gusti Allah. Kula sampun ndherek kasalib kaliyan Sang Kristus,

20. nanging kula gesang, namung kemawon sanes kula piyambak malih ingkang gesang, namung Sang Kristus ingkang gesang wonten ing kula. Wondene gesang kula ingkang kula sandhang ing daging sapunika, punika gesang margi saking pitados dhumateng Putraning Allah ingkang sampun ngasihi kula saha sampun masrahaken sariranipun kangge kula.

21. Kula boten nampik sih-rahmatipun Gusti Allah. Awit saupami wonten kaleresan amargi saking angger-anggering Toret, sedanipun Sang Kristus punika tanpa gina.