Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Tesalonika 3:7-11 Kitab Sutji (JAV)

7. Sabab kowe dhewe padha sumurup, kapriye anggonmu kudu padha nulad marang aku kabeh, amarga aku padha ora nglirwakake pagawean ana ing antaramu

8. sarta ora tau mangan rotining liyan kanthi lelahanan, nanging aku kabeh padah mbudi-daya lan nyambut-gawe rina wengi kalawan rekasa, supaya aja dadi gawene sapa bae ana ing antaramu.

9. Ora marga saka aku padha ora duwe hak ing bab iku, nanging marga saka aku kabeh supaya dadia tuladha tumrap kowe, supaya koktulad.

10. Sabab, uga nalika aku padha ana ing tengahmu, aku padha aweh pepenget iki marang kowe kabeh: wong kang ora gelem nyambut-gawe iku iya aja mangan.

11. Iki dakkandhakake amarga aku padha krungu, yen ana wong kang uripe ora tumata lan ora nyambut-gawe, nanging mung tansah nindakake bab-bab kang ora ana paedahe.

maca bab lengkap 2 Tesalonika 3