Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Tesalonika 2:7-16 Kitab Sutji (JAV)

7. Amarga kanthi patrap dhedhemitan duraka iku wis wiwit tumindak ing gawe, nanging saiki isih ana kang mekak. Manawa kang mekak iku wus kasingkirake,

8. ing wektu iku si pangawak duraka lagi bakal muncul, nanging nuli bakal katumpes dening Gusti Yesus kalawan ababing tutuke lan bakal kasirnakake, samangsa Panjenengane rawuh maneh.

9. Tekane si pangawak duraka iku marga saka panggawening Iblis, tuwin bakal kinanthenan kasekten warna-warna sarta pratandha-pratandha apadene mukjijat-mukjijat palsu;

10. kalawan reka-daya ala rupa-rupa tumrap wong-wong, kang mesthi bakal sirna, jalaran ora padha nampani kayekten kang bakal bisa ngolehake karahyone.

11. Yaiku sababe Gusti Allah anggone banjur ndhatengake panasaran, kang njalari wong-wong mau padha pracaya marang kang goroh,

12. supaya kabeh wong kang ora pracaya marang kayekten lan seneng marang panggawe ala padha diukum.

13. Nanging aku kudu padha saos sokur marang Gusti Allah marga saka kowe kabeh, para sadulur, kang kinasihan ing Pangeran, amarga Gusti Allah wiwit sakawit wis milih kowe kabeh supaya slamet ana ing sajroning Roh, kang nucekake kowe lan ana ing sajroning kayekten kang wis padha kokandhemi.

14. Mangkono iku karsane anggone panjenengane nimbali kowe kabeh lumantar Injil, kang padha dakwartakake, satemah kowe padha oleh kamulyane Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.

15. Mulane dipadha bakuh lan padha ngantepana piwulang-piwulang kang wus padha dakwenehake marang kowe kabeh, kanthi patrap lisan utawa katulis.

16. Anadene Panjenengane, Gusti kita Yesus Kristus, lan Gusti Allah, Rama kita, kang sajroning sih-rahmate wus ngasihi kita sarta kang wus ngganjar panglpur kang langgeng tuwin pangarep-arep becik marang kita,

maca bab lengkap 2 Tesalonika 2