Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Petrus 1:4-11 Kitab Sutji (JAV)

4. supaya kia padha tampa warisan kang ora bisa rusak, ora cacad sarta ora bisa alum, kang kasimpen ana ing swarga tumrap kowe kabeh.

5. Yaiku, kowe kang padha kareksa dening panguwaosing Allah marga saka pracayamu sajrone kow padha nganti-anti marang karahayon kang wis cumawis lan kang bakal kawedharake ing jaman wekasan.

6. Jalaran saka iku padha bungah-bungaha, sanadyan ing wektu iki padha nandhang prihatin sawatara mangsa marga saka anane godha-rencana warna-warna.

7. Pamrihe supaya katona murnine pracayamu kang ajine banget ngungkuli emas kang bisa rusak kang kauji murnine srana geni, temahan kowe padha oleh pangalembana sarta kamulyan lan kaurmatan besuk ing dina kababare Gusti Yesus Kristus.

8. Panjenengane kang koktresnani sanadyan ora tau kokdeleng sarta kokpracaya sanadyan saiki ora koksipati: Kowe padha sukarena, marga saka anane kabungahan kang mulya lan kang ora kena kinira-kira,

9. amarga kowe wis padha bisa ngranggeh gegayuhane pracayamu, yaiku karahayoning nyawamu.

10. Iya karahayon iku kang wis dititi-priksa sarta ditliti dening para nabi kang padha meca bab sih-rahmat kang kagadhangake marang kowe.

11. Dene para nabi iku padha niti-priksa: jaman apa sarta kapriye karsane Rohe Sang Kristus, kang ana ing batine, yaiku Roh kang sadurunge paring paseksen bab sakehing kasangsaran kang bakal tumempuh marang Sang Kristus sata bab sakehing kamulyan ing sawise iku.

maca bab lengkap 1 Petrus 1