Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yoel 2:2-13 Kitab Sutji (JAV)

2. sawijining dina kang peteng ndhedhet lan pagowong,dina kang mendhung lan peteng lelimengan;ana bangsa kang gedhe sarta santosamratani gunung-gunung kaya bangbang wetan,kang kaya mangkono iku durung tau anawiwit kuna mula;lan ing sapungkure iya bakal ora ana,turun-tumurun, ing tembe buri.

3. Ing ngarepe ana geni kang memangsa nganti ludhes,lan ing burine ana urubing geni kang nggesengake.Tanah kang ana ing ngarepe kaya patamanan Eden,nanging ing burine pasamunan kang mati;sarta ora ana kang bisa ngoncati bangsa mau.

4. Rupane kaya jaran,lan playune iya kaya jaran mbandhang.

5. Anggone padha mencolot-mencolot ngliwati pucake gunung-gunungkaya kumrasaking kreta,lan kaya perkataking genikang ngobong dami;kaya bangsa kang kuwat,wadya-balane samekta ing perang.

6. Adu arep karo iku, bangsa-bangsa padha gumeter,guwayane kabeh padha saya pucet.

7. Playune kaya pahlawan,kaya prajurit anggone ngunggahi baluwarti,siji-sijine padha lumaku terusora nganggo nyimpang saka ing dalane;

8. ora padha suk-sukan,siji-sijine ngambah ing dalane dhewe,nrajang pabarisan kalawan sikep gegaman tumbak,anggone baris kareksa aja nganti pedhot.

9. Banjur nyerbu menyang ing jero kutha,ngunggahi baluwarti,padha menek lumebu ing omah-omah,lumebune metu ing cendhela kaya maling.

10. Bumi gumeter ana ing ngarepe,langit gonjang-ganjing,srengenge lan rembulan padha dadi peteng,sarta lintang-lintang ilang cahyane.

11. Pangeran Yehuwah nuli ngedalake swarane,ana ing ngarepe wadya-balane,mangka wadya-balane iku luwih dening akeh,sarta kang nindakake sabdane iku santosasabab ngedab-edabi dinane Sang Yehuwah ikusarta nggegirisi banget,sapa kang bisa mbetahake?

12. Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene:“Nanging saiki uga, padha mratobatamarang Ingsun kalawan gumolonging atinira,kalawan puwasa, lan nangis sarta sambat-sambat.”

13. Atimu suweken, aja sandhanganmu,sarta mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu,dene Panjenengane iku asipat asih lan welasan,gedhe sabare lan luber kamirahane,Panjenengane piduwung ing bab paukuman kang karancang.

maca bab lengkap Yoel 2