Ing kono pangucape wong-wong mau: “Inggih badhe kula wangsulaken, sarta tiyangipun boten badhe kula tagih punapa-punapa. Punapa pangandika panjenengan punika badhe kula lampahi.” Aku banjur nekakake para imam sarta wong mau padha dakkon ngucapake sumpah, yen bakal nglakoni ing kasaguhane iku.