Durung nganti tumeka ing wektune, nanging Sang Dawud wis samekta, banjur tindak karo wadya-balane lan mateni wong Filisti cacahe rong atus sarta ikute padha digawa ganep cacahe kabeh diaturake marang Sang Prabu, supaya Sang Dawud dadi mantune Sang Prabu. Sang Prabu Saul banjur narimakake Sang Putri Mikhal, putrane putri, dadi garwane Sang Dawud.