Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zefanya 1:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Zefanya bin Kusyi bin Gedalya bin Amarya bin Hizkia, nalika jamane Sang Prabu Yosia putrane Sang Prabu Amon, nata ing Yehuda.

2. “Ingsun bakal nyirnakake nganti resik samubarang kabeh saka ing salumahe bumi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

3. Manungsa lan kewan bakal Suntumpes, manuk ing awang-awang lan iwak ing sagara samono uga. Ingsun bakal ngrubuhake wong duraka, sarta numpes manungsa saka ing salumahe bumi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

4. Ingsun bakal ngagagake astaningSun marang Yehuda sarta sakehe wong isine Yerusalem. Kekarene Baal bakal Suntumpes saka ing panggonan iki dalah jenenge para imaming brahala.

5. Mangkono uga para wong kang memuja marang wadya-bala ing langit lan kang nyembah kalawan sumpah setya demi Sang Yehuwah lan iya demi Dewa Milkom,

6. karomaneh wong kang padha nyingkur marang Sang Yehuwah sarta ora ngupaya Pangeran Yehuwah lan ora neges marang Panjenengane.”

7. Padha menenga ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, awit wus cedhak dinane Sang Yehuwah. Lah Pangeran Yehuwah wus nyawisake pista kurban, para kang ditimbali wus padha disucekake.

8. “Ing dina pista kurbane Pangeran Yehuwah iku Ingsun bakal ngukum para pangarep, lan para anaking ratu sarta sakehe wong kang manganggo sandhangan ngamanca.

maca bab lengkap Zefanya 1