Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zefanya 1:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Zefanya bin Kusyi bin Gedalya bin Amarya bin Hizkia, nalika jamane Sang Prabu Yosia putrane Sang Prabu Amon, nata ing Yehuda.

2. “Ingsun bakal nyirnakake nganti resik samubarang kabeh saka ing salumahe bumi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

3. Manungsa lan kewan bakal Suntumpes, manuk ing awang-awang lan iwak ing sagara samono uga. Ingsun bakal ngrubuhake wong duraka, sarta numpes manungsa saka ing salumahe bumi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

4. Ingsun bakal ngagagake astaningSun marang Yehuda sarta sakehe wong isine Yerusalem. Kekarene Baal bakal Suntumpes saka ing panggonan iki dalah jenenge para imaming brahala.

5. Mangkono uga para wong kang memuja marang wadya-bala ing langit lan kang nyembah kalawan sumpah setya demi Sang Yehuwah lan iya demi Dewa Milkom,

6. karomaneh wong kang padha nyingkur marang Sang Yehuwah sarta ora ngupaya Pangeran Yehuwah lan ora neges marang Panjenengane.”

7. Padha menenga ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, awit wus cedhak dinane Sang Yehuwah. Lah Pangeran Yehuwah wus nyawisake pista kurban, para kang ditimbali wus padha disucekake.

8. “Ing dina pista kurbane Pangeran Yehuwah iku Ingsun bakal ngukum para pangarep, lan para anaking ratu sarta sakehe wong kang manganggo sandhangan ngamanca.

9. Ing dina iku Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang saben wong kang nglumpati tlundhaking lawang, kang ngebaki omahe bendarane kalawan panganiaya lan para cidra.

10. Ing dina iku -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, bakal keprungu gumedering pasambat wiwit saka gapura Iwak lan pangadhuh wiwit ing pakampungan anyar, apadene jugruging tengger-tengger kang nggegirisi.

11. He wong ing pakampungan Lumpang, padha sesambata, awitdene sakehing sudagar wus padha tumpes, wus sirna sakehe wong kang nimbangi salaka.

maca bab lengkap Zefanya 1