Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 5:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku banjur tumenga nuli weruh ana gulungan kitab nglayang.

2. Aku banjur dipangandikani mangkene: “Kowe weruh apa?” Aturku: “Kula ningali wonten kitab gulungan nglayang, panjangipun kalih dasa asta sarta wiyaripun sadasa asta.”

3. Tumuli aku dipangandikani maneh, mangkene: “Iku sumpah wewelak kang nempuh ing sawratane nagara kabeh; sabab miturut surasane sumpah wewelak iku, saben maling ana ing kene isih luput ing paukuman, mangkono uga saben wong kang nglairake sumpah palsu iya isih luput ing paukuman.

4. Ingsun kang nglampahake wewelak iku, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- supaya iku lumebu ing omahing maling sarta ing omahe wong kang nglairake sumpah palsu demi asmaningSun, sarta bakal nginep ing omahe kono lan bakal ndadekake rusake, dadia kayune utawa watu-watune.”

5. Malaekat kang ngandikan karo aku mau rawuh maneh, sarta dhawuh marang aku: “Kowe namatna lan nitenana apa kang jumedhul ing kono?”

6. Aku nuli matur pitakon: “Punapa punika?” Pangandikane malaekat: “Kang katon iku takeran efa!” Nuli ngandika maneh: “Iku pialane wong-wong mau ana ing saindenging nagara!”

maca bab lengkap Zakharia 5