Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 1:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing sasi kang kawolu ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Zakharia bin Berekhya bin Idho, mangkene:

2. “Banget dukane Pangeran Yehuwah marang para leluhurira.

3. Mulane sira kandhaa marang wong-wong iku: Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Sira padha mratobata marang Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustining sarwa dumadi, -- Ingsun banjur bakal mbaleni sira. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi --.

4. Sira aja padha kaya para leluhurira, kang wus padha dipituturi dening para nabi ing maune mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Sira padha ngundurana lakunira kang ala lan pokalira kang duraka! Nanging padha ora gelem ngrungokake sarta padha ora mreduli marang Ingsun. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. --

5. Para leluhurira iku padha ana ing ngendi? Lan para nabi iku apa padha urip ing salawase?

6. Nanging sakehe pangandika lan putusaningSun kang wus Sundhawuhake marang abdiningSun para nabi, iku rak wus tumeka ing para leluhurira? Wong-wong iku nuli padha mratobat sarta duwe pangucap mangkene: Kaya kang wus dadi karsane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi anggone nanduki marang aku, miturut laku lan pokalku, iya kaya mangkono Panjenengane anggone nanduki marang kita!”

maca bab lengkap Zakharia 1