Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 4:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng umat kabeh wus padha nyabrang ing bengawan Yarden, Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Senapati Yusak, mangkene:

2. “Sira mijia wong rolas saka bangsa iku, saben taler wong siji, iku padha prentahana mangkene:

3. Padha njupuka watu rolas iji saka ing kene, saka ing satengahe bengawan Yarden iki, saka ing panggonan mandhege tlapakane para imam, padha usungen menyang ing sabrange bengawan, nuli selehna ana ing papan kang bakal kokinepi mengko bengi.”

4. Sang Senapati Yusak banjur nimbali wong rolas, kang wus piniji saka ing antarane wong Israel, saben taler wong siji,

5. iku padha didhawuhi mangkene: “Padha nyabranga ing ngarepe pethine Sang Yehuwah, Gusti Allahmu ing satengahe bengawn Yarden, banjur njupuka watu siji manut cacahe talere wong Israel,

6. supaya iku dadia pratandha ana ing satengahmu. Menawa anak-anakmu besuk padha takon: Sela punika tegesipun kados pundi tumrap panjenengan?

maca bab lengkap Yusak 4