Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 23:3-11 Kitab Sutji (JAV)

3. lan kowe padha weruh dhewe apa kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang sakehe bangsa ing kene marga saka kowe kabeh, sabab Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu iku kang nyarirani perangmu.

4. Dieling, tlatahe sakehing para bangsa kang isih kari iku wus dakpandumake marang taler-talermu srana kaundhi dadi warisanmu wiwit ing bengawan Yarden, -- padha uga kaya sakehing bangsa kang wus daktumpes ing waktu iku, -- nganti tutug ing Segara Gedhe ing papan suruping srengenge.

5. Sang Yehuwah Gusti Allahmu piyambak kang bakal nundhungi para bangsa mau ana ing ngarepmu lan nglungakake saka ing ngarepmu, temah kowe padha bisa ngejegi nagarane kaya kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah Allahmu marang kowe.

6. Kang iku kowe padha dipanggah anggonmu netepi lan nglakoni sakabehe kang katulisan ana ing kitab angger-anggere Nabi Musa, supaya aja nganti nyimpang mangiwa utawa manengen.

7. Aja nganti padha srawungan karo para bangsa kang isih ana ing tengah-tengahmu, sarta aja nganggep marang jenenge para allahe utawa supata demi iku, lan iku aja padha kokbekteni utawa koksujudi.

8. Nanging padha rumaketa marang Sang Yehuwah Allahmu dikaya anggonmu wus padha nglakoni nganti tumeka ing dina iki.

9. Sang Yehuwah rak wus nundhungi bangsa-bangsa kang gedhe lan santosa saka ing ngarepmu, sarta mungguh ing ngatase kowe ora ana wong siji-sijia kang lestari urip ana ing ngarepmu nganti tumeka ing dina iki.

10. Wong siji bae panunggalanmu bakal bisa mburu wong sewu, awit dene Sang Yehuwah Gusti Allahmu piyambak kang nyarirani perangmu, kaya kang wus dadi prasetyane marang kowe.

11. Kang iku dipadha mantep anggonmu padha asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang marga saka nyawamu.

maca bab lengkap Yusak 23