Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 21:33-45 Kitab Sutji (JAV)

33. Kuthane wong Gerson miturut gotrahe iku kabeh ana telulas sapangonane.

34. Gotrah-gotrahe wong bani Merari, yaiku kekarene wong Lewi, iku padha diparingi saka taler Zebulon: Yokneam sapangonane, Karta sapangonane,

35. Dimna sapangonane lan Nahalal sapangonane: kutha papat.

36. Saka taler Ruben: Bezer sapangonane, Yahas sapangonane,

37. Kedemot sapangonane lan Mefaat sapangonane: kutha papat.

38. Saka Taler Gad: Ramot ing tanah Gilead, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah pangonane, Mahanaim sapangonane,

39. Hesybon sapangonane, Yaezer sapangonane, kabeh ana kutha papat.

40. Sakehe kutha iku mau dadi darbeke bani Merari miturut gotrahe, yaiku kekarene gotrahe wong Lewi, pandumaning undhiane kutha rolas.

41. Sakehe kuthane wong trahe Lewi ana ing satengahe darbeke wong Israel iku ana kutha patang puluh wolu sapangonane.

42. Siji-sijining kutha ana pangonane ing sakubenge, kuthane kabeh padha kaya mangkono.

43. Mangkono dadine saindenging nagara iku diparingake Sang Yehuwah marang wong Israel, yaiku nagara kang wus diprasetyakake klawan supaos, yen bakal diparingake marang para leluhure, iya banjur kelakon diejegi lan dienggoni.

44. Sabanjure padha diparingi tentrem ing sakubenge dening Sang Yehuwah netepi prasetyane kang kanthi supaos marang para leluhure. Sakehing mungsuhe ora ana siji-sijia kang lestari urip ana ing ngarepe: Sakehing mungsuhe padha diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane.

45. Samubarang kang becik, kang wus kaprasetyakake kabeh dening Sang Yehuwah marang turune Israel ora ana kang lincat, kabeh kelakon.

maca bab lengkap Yusak 21