Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 21:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Para panggedhening kulawargane wong Lewi banjur padha sowan ing ngarsane Imam Eleazar lan ing ngarsane Senapati Yusak, bin Nun sarta marang ing ngarsane para kepalaning kulawargane taler-taler Israel.

2. Nuli padha matur marang panjenengane ana ing Silo tanah Kanaan mangkene: “Sang Yehuwah sampun paring dhawuh lumantar Nabi Musa, supados kula kaparingana kitha-kitha ingkang sami kula enggeni, dalah pangenanipun kangge raja-kaya kula.”

3. Wong Israel banjur masrahake kutha-kutha kang kasebut ing ngisor iki dalah pangonane marang wong Lewi, kajupukake saka ing tanah-pusakane manut dhawuhe Sang Yehuwah.

4. Undhiane nuli tumiba marang gotrah-gotrahe wong Kehat. Panunggalane wong Lewi kang klebu tedhake Imam Harun padha oleh undhian kutha telulas saka taler Yehuda, taler Simeon lan taler Benyamin.

5. Dene kekarene wong Kehat iku padha oleh kutha sepuluh sarana kaundhi saka taler Efraim, taler Dhan lan saka separone taler Manasye.

6. Turune Gerson padha oleh kutha telulas sarana kaundhi saka taler Isakhar, taler Asyer, taler Naftali lan saka separoning taler Manasye kang ana ing tanah Basan.

7. Trahe Merari padha oleh kutha rolas sarana kaundhi saka taler Ruben, teler Gad, lan taler Zebulon.

8. Mangkono dadine kutha-kutha mau dalah pangonane padha dipasrahake wong Israel marang wong Lewi sarana kaundhi, kaya kang wus didhawuhake Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.

9. Kang dipasrahake saka taler bani Yehuda lan saka taler bani Simeon iku kutha-kutha kang kasebut ing ngisor iki:

10. Para tedhake Imam Harun, kang klebu gotrahe wong Kehat, panunggalane bani Lewi, sarehne iku kang padha tampa undhian kang wiwitan,

maca bab lengkap Yusak 21