Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 2:11-20 Kitab Sutji (JAV)

11. Sareng kula sami mireng bab punika, manah kula sami lemes tanpa daya sarta boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang taksih gadhah krekat wonten ing ngarsa panjenengan, amargi Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, punika Gusti Allah ingkang wonten ing langit ing nginggil saha ing bumi ing ngandhap.

12. Ingkang punika panjenengan mugi karsaa supaos atas asmanipun Sang Yehuwah, sarehning kula sampun nandukaken kasaenan dhumateng panjenengan, panjenengan ugi badhe males kasaenan dhateng kulawarga kula saha kula mugi panjenengan paringi pratandha ingkang kenging kapitados,

13. bilih panjenengan badhe nggesangi tiyang sepuh kula, mekaten ugi sadherek kula jaler estri dalah sakukubanipun sadaya sarta badhe ngentasaken nyawa kula saking bebaya pejah.”

14. Wangsulane telik loro mau marang Rakhab: “Kula sami nanggel gesang panjenengan klayan ngetohaken nyawa kula, janji panjenengan boten nglairaken prakawis kula punika; benjing samangsa Sang Yahuwah sampun maringaken negari punika dhateng kula, kula sami badhe ngatingalaken panarimah saha kasetyan kula dhateng panjenengan.”

15. Wasana telik-telik mau banjur padha diudhunake sarana dhadhung metu ing cendhela; amarga omahe iku prenahe ana ing dhuwur baluwartine kutha, dadi pamanggone ana ing baluwarti.

16. Pangucape Rakhab marang wong mau: “Panjenengan kula aturi tindak dhateng ing pareden, supados sampun ngantos kepanggih kaliyan ingkang sami ngoyak panjenengan; wonten ing ngriku panjenengan kula aturi umpetan tigang dinten, ngantos ingkang ngoyak panjenengan sami mantuk, wasana panjenengan kula aturi nglajengaken lampah.”

17. Wong loro mau nuli celathu marang Rakhab: “Kula sami badhe luwar saking sumpah, ingkang panjenengan pundhut dhateng kula wau, --

18. lah manawi kula sami lumebet ing kitha ngriki, tamparan benang abrit punika panjenengan tangsulaken angsal cendhela ingkang kangge margi anggen panjenengan ngandhapaken kula, punapa malih rama-ibu panjenengan saha sadherek panjenengan dalah sakukuban panjenengan sadaya sami panjenengan kempalaken wonten ing dalem panjenengan.

19. Sok sintena ingkang medal saking korining dalem panjenengan, kedah nanggel akibatipun piyambak; manawi kawutahaken rahipun, kula boten sami badhe kalepatan, nanging sok sintena ingkang wonten ing dalem panjenengan punika, manawi wonten ingkang ngganggu damel, rahipun katempuhna dhateng kula.

20. Namung kemawon manawi prakawis punika ngantos panjenengan wartos-wartosaken, kula lajeng sami luwar saking sumpah ingkang dados pamundhut panjenengan dhateng kula wau.”

maca bab lengkap Yusak 2