Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 19:7-12 Kitab Sutji (JAV)

7. En-Rimon, Eter, lan Asan, kutha papat lan desa-desane,

8. uga sakehing desa kang ana ing sakubenge kutha iku mau tutug ing Baalat-Beer, yaiku Rama, ing tanah kidul. Iku tanah-pusakane talere bani Simeon, miturut gotrahe.

9. Tanah-pusakane bani Simeon iku kajupuk saka pandumane bani Yehuda, amarga tanah-pusakane bani Yehuda kakehan, mulane bani Simeon padha oleh tanah-pusaka ana ing satengahe tanah-pusakane Yehuda.

10. Undhian kang katelu iku tumiba marang bani Zebulon miturut gotrahe; watesing tanah-pusakane iku tutug ing Sarid.

11. Watese banjur mangulon munggah menyang ing Marala, nyrempet ing Dabeset, lan nuli nyrempet kali kang mili ngliwati Yokneam.

12. Saka ing Sarid watese mau menggok mangetan ngener pletheking srengenge, ngliwati dhaerah Khislot-Tabor, ngener ing Dobrat, nuli munggah menyang ing Yafia.

maca bab lengkap Yusak 19