Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 19:11-24 Kitab Sutji (JAV)

11. Watese banjur mangulon munggah menyang ing Marala, nyrempet ing Dabeset, lan nuli nyrempet kali kang mili ngliwati Yokneam.

12. Saka ing Sarid watese mau menggok mangetan ngener pletheking srengenge, ngliwati dhaerah Khislot-Tabor, ngener ing Dobrat, nuli munggah menyang ing Yafia.

13. Saka ing kono terus mangetan ngener pletheking srengenge, menyang ing Gat-Hefer, menyang ing Et-Kazim, ngener ing Rimon lan mlengkung menyang ing Nea.

14. Watese banjur menggok ngubengi kutha iku ana ing salore Hanaton lan anjog ing lebak Yiftah-El.

15. Banjur Katat, Nahalal, Simron, Yidala lan Betlehem; kutha rolas karo desa-desane.

16. Yaiku tanah-pusakane wong bani Zebulon miturut gotrahe, iya iku kutha-kuthane mau karo desa-desane.

17. Undhian kang kapat iku tumiba marang talere Isakhar, yaiku marang bani Isakhar miturut gotrahe.

18. Kang dadi tlatahe yaiku: Yizreel, Khesulot, Sunem,

19. Hafaraim, Sion, Anakharat,

20. Rabit, Kisyon, Ebes,

21. Remet, En-Ganim, En-Hada, lan Bet-Pazes.

22. Watese nyrempet ing Tabor, ing Sahazima, lan Bet-Semes, dene watese anjog ing bengawan Yarden: gunggung kutha nembelas lan desa-desane.

23. Yaiku tanah-pusakane taler bani Isakhar miturut gotrahe, iya kutha-kutha mau karo desa-desane.

24. Undhian kang kalima iku tumiba marang taler bani Asyer miturut gotrahe.

maca bab lengkap Yusak 19