Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 15:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene panduman kang kaundhi kanggo taler Yehuda manut gotrahe iku nganti tekan ing tapel-watese tanah Edom, nganti tekan ing ara-ara samun Zin ing poncot kidul,

2. watese kang kidul iku wiwit saka ing poncote Telaga Asin, saka ing teluk kang madhep mangidul,

3. banjur ngliwati sisih kidule unggah-unggahan ing Akrabim, terus menyang Zin, nuli munggah menyang ing sisih kidule Kadesy-Barnea, terus menyang ing Hezron, banjur munggah menyang ing Adar, menggok menyang ing Karka,

4. terus menyang ing Azmon sarta metu ing kaline tanah Mesir, pungkasane pantog ing sagara iya iku kang dadi watesmu sisih kidul.

5. Watese sisih wetan Telaga Asin tutug ing sungapane bengawan Yarden, watese sisih lor iku wiwit ing teluk ing sungapane bengawan Yarden mau.

6. Banjur munggah tutug ing Bet-Hogla tumuli ngliwati sisih lore Bet-Araba, munggah maneh tutug ing watu Bohan, bin Ruben.

7. Sabanjure wates iku munggah saka ing lebak Akhor marang ing Debir, menggok mangalor ngener ing Gilgal, ing penere unggah-unggahan ing Adumim, sakiduling kali, nuli terus menyang ing sendhang En-Semes lan metu ngener ing sendhang En-Rogel.

8. Saka ing kono wates iku munggah metu ing Lebak Ben-Hinom, nurut ing ereng-erenge gunung Yebus sisih kidul, iya iku ing Yerusalem, banjur munggah maneh tutug ing pucake gunung kang ana ing ngarepe Lebak Hinom ing sisih kulon, ing pungkasane lebake wong Efraim, kang sisih lor.

9. Saka ing pucake gunung mau watese mlengkung menyang ing sendhang Me-Neftoakh lan banjur tutug ing kutha-kuthane pagunungan Efron, saka ing kono mlengkung menyang ing Baala, iya iku ing Kiryat-Yearim.

10. Wates iku nuli menggok saka ing Baala mengulon ngener ing pagunungan Seir, terus ngalor menyang ing ereng-erenge gunung Yearim, yaiku ing Khesalon, medhun menyang Bet-Semes, terus menyang ing Timna,

11. wates mau nuli mangalor menyang ing ereng-erenge gunung Ekron, terus mlengkung menyang ing Sikhron terus menyang ing gunung Baala lan metu ing sacedhake Yabneel, temahan wates mau anjog ing sagara.

maca bab lengkap Yusak 15