Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 14:8-15 Kitab Sutji (JAV)

8. Nanging para sadherek kula ingkang sami tumut lampah kula sami damel pepesing manahipun tiyang sabangsa; ewadene kula tetep mantep dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allah kula, kanthi gumolonging manah.

9. Kala semanten Nabi Musa supaos, pangandikanipun: Satemene bumi kang wus kaambah ing sikilmu iku mesthi dadi tanah pusakamu ing salawas-lawase turun-tumurun, amarga kowe tetep mantep marang Sang Yehuwah Gusti Allahmu kanthi gumolonging ati.

10. Lah sapunika Sang Yehuwah sampun ngreksa gesang kula ngetrepi ing prasetyanipun. Sapunika sampun kawandasa gangsal taun, wiwit rikala Sang Yehuwah ngandika makaten wau dhateng Nabi Musa, saha ing sadangunipun punika tiyang Israel nglembara wonten ing ara-ara samun. Lah punika kula sampun umur wolung dasa gangsal taun.

11. Kekiyatan kula ing dinten punika taksih ajeg kados nalika kula dipun utus Nabi Musa; sapunika kekiyatan kula taksih sami kemawon kados kekiyatan kula ing wekdal samanten, inggih tumrap ing perang lan kadamel mlebet medal.

12. Milanipun kula mugi panjenengan paringi pareden, ingkang sampun kajanjekaken Sang Yehuwah kala samanten; panjenengan piyambak kala samanten rak sampun mindhanget pawartos, bilih ing ngriku dipun enggeni bangsa Enak, saha wonten kithanipun ingkang ageng-ageng santosa. Bokmanawi Sang Yehuwah karsa nunggil kaliyan kula, temah sami kenging kula tundhung kados ingkang sampun kapangandikakaken Sang Yehuwah.”

13. Senapati Yusak tumuli mberkahi Kaleb bin Yefune sarta diparingi Hebron dadi tanah-pusakane.

14. Yaiku jalarane Hebron banjur dadi tanah-pusakane Kaleb, bin Yefune, wong Kenas iku, turun-tumurun nganti saprene, mulane mangkono amarga tetep mantep marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kanthi gumolonging ati.

15. Dene Hebron iku biyen jenenge Kiryat-Arba; Arba iku arane wong kang linuwih gedhene ana ing antarane wong Enak. Lan nagara iku banjur tentrem, wus ora ana perang.

maca bab lengkap Yusak 14