Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 13:20-32 Kitab Sutji (JAV)

20. Bet-Peor, peperenge gunung Pisga, lan Bet-Yerimot,

21. sabanjure sakehe kutha ana ing tanah warata ing pagunungan lan satlatahe karajane Prabu Sihon; ratuning wong Amori, kang ngereh ing Hesybon, kang dikalahake Nabi Musa, uga para ratu ing Midian, yaiku Prabu Ewi, Prabu Rekem, Prabu Zur, Prabu Hur, lan Prabu Reba, para raja kalerehane Prabu Sihon, kang padha dedalem ana ing negara kono.

22. Uga juru tenung Bileam, bin Beor wus dipateni klawan pedhang dening wong Israel, bebarengan karo wong kang padha mati ketaman ing pedhange.

23. Dadi tapel-watese dhaerahe bani Ruben iku bengawan Yarden lan tlatahing sapinggire. Yaiku kang dadi tanah pusakane bani Ruben miturut gotrah-gotrahe, yaiku kutha-kuthane dalah desa-desane.

24. Taler Gad, yaiku bani Gad, wus padha kaparingan dening Nabi Musa miturut gotrah-gotrahe panduman iki:

25. kang dadi darbeke yaiku: Yaezer lan sakehing kuthane nagara Gilead, sarta saparoning nagarane wong Amon tutug ing Aroer, kang kaprenah ing sawetane Raba,

26. yaiku wiwit ing Hesybon tutug ing Ramat-Mizpa lan ing Betonim, sarta saka ing Mahanaim tutug ing tlatahe Debir,

27. lan ing lebak Bet-Haram, Bet-Nimra, Sukot lan Zafon, kekarening karajane Prabu Sihon, ratu ing Hesybon; bengawan Yarden lan dhaerah pinggire tutug ing pungkasaning telaga Kineret, ing sawetane bengawan Yarden.

28. Iku tanah-pusakane wong bani Gad miturut gotrah-gotrahe, yaiku kutha-kuthane dalah desa-desane.

29. Saparone taler Manasye, yaiku kulawangsane bani Manasye kang separo wus kaparingan dening nabi Musa, miturut gotrah-gotrahe, panduman iki:

30. kang dadi dhaerahe: wiwit saka ing Mahanaim: satanah Basan kabeh, krajane Prabu Og kabeh, ratu ing nagara Basan, lan wewengkone Hawot-Yair kabeh, kang ana ing Basan kono, cacahe kuthane sawidak,

31. sabanjure saparone tanah Gilead, Asytarot lan Edrei, kutha-kuthane krajane Prabu Og ing Basan, iku dadi pandumane bani Makhir, putrane Rama Manasye, yaiku pandumane separone bani Makhir miturut gotrah-gotrahe.

32. Iku kabeh kang wus didum-dumake dening Nabi Musa minangka tanah-pusakane nalika ana ing tanah ngare ing Moab, ing sawetane bengawan Yarden, ing sacedhake Yerikho.

maca bab lengkap Yusak 13