Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 13:2-13 Kitab Sutji (JAV)

2. Dene nagara kang isih kari yaiku: sakehe tlatahe wong Filisti lan saindenging nagarane wong Gesur,

3. wiwit saka kali Sikhor ing sawetane tanah Mesir tutug ing tlatah Ekron mangalor, -- iku kaetung tanahe wong Kanaan; -- panggedhene wong Filisti iku lima, yaiku ing Gaza, Asdod, Askelon, Gad lan Ekron, -- apadene bangsa Awi

4. ing sisih kidul, sarta saindenging nagarane wong Kanaan lan Meara, darbeke wong Sidon, tutug ing Afek, iya iku tutug ing tlatahe wong Amori;

5. sabanjure nagarane wong Gebal lan kabeh tlatahe gunung Libanon ing sisih pletheking srengenge, saka ing Baal-Gad ing sikile gunung Hermon, nganti tutug ing dalan kang menyang ing Harmat;

6. sakehing wong kang manggon ing pagunungan, wiwit saka ing gunung Libanon tutug ing Misrefot-Maim; sakehe wong Sidon, iku bakal Suntundhung piyambak saka ing ngarepe wong Israel; mung bae tanahe sira paringna marang wong Israel sarana kaundhi, kaya kang wus Sundhawuhake marang sira.

7. Kang iku nagara iki sira edum-edumna marang taler kang sanga lan marang saparoning talere Manasye minangka tanah pusakane.”

8. Bebarengan karo taler Manasye kang separone, wong Ruben lan wong Gad, wus padha kaparingan tanah-pusaka dening Nabi Musa ana ing sabrangane kali Yarden sisih wetan, kaya kang wus katemtokake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah, kanggo wong-wong mau,

9. yaiku wiwit ing Aroer ing sapinggire kali Arnon, lan kutha kang kaprenah ana ing saparone kali iku, sarta saindenging tanah warata ing pagunungan wiwit ing Medeba nganti tutug ing Dibon,

10. apadene sakehing kuthane Prabu Sihon, ratune wong Amori, kang akedhaton ana ing Hesybon, nganti tutug ing tlatahe wong Amon,

11. apamaneh tanah Gilead tuwin tlatahe wong Gesur lan wong Maakha sarta sawratane gunung Hermon lan satlatahe tanah Basan kabeh tutug ing Salkha,

12. iya satlatahe karajane Prabu Og, ratu ing Basan, kang ngereh ing Asytarot lan ing Edrei, iku dhewe kang dadi kekarene wong Refaim, kang wus padha dikalahake lan ditundhung dening Nabi Musa.

13. Nanging wong Israel ora nundhungi wong Gesur lan wong Maakha mau, satemah wong Gesur lan wong Maakha lestari padha manggon ana ing tengahe wong Israel nganti tumeka saprene.

maca bab lengkap Yusak 13