Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 8:13-20 Kitab Sutji (JAV)

13. Nanging Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, iku kang kudu sira akoni dadi Kang Suci; iya Panjenengane iku kang kudu sira wedeni lan ana ing ngarsane iku sira gumetera.

14. Panjenengane bakal dadi papan suci, nanging uga dadi watu patanggoran lan watu sandhungan tumrap kraton Israel sakarone, sarta dadi jiret lan kala tumrap wong ing Yerusalem.

15. Apadene panunggalane akeh kang bakal padha kesandhung, tiba lan tatu abot, kacekel lan katawan.”

16. Aku kadhawuhan nyimpen paseksen iki tuwin ngecapi piwulang iki ana ing satengahe murid-muridku.

17. Lan aku arep nganti-anti marang Sang Yehuwah kang ngaling-alingi wedanane marang gelengan turune Rama Yakub; aku arep ngarep-arep marang Panjenegane.

18. Lah aku lan anak-anak kang wus kaparingake dening Sang Yehuwah marang aku iku padha dadi pratandha lan ngalamat ana ing satengahe wong Israel kang saka Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah kang akedhaton ana ing gunung Sion.

19. Lan manawa ana wong kang celathu marang sira: “Njaluka pituduh marang arwah lan roh-rohe para juru meca kang bisik-bisik lan klomat-klamet,” iku wangsulana: “Sawijining bangsa iku pantese apa ora kudu njaluk pituduh marang allahe? Utawa kudu jaluk pituduh marang para wong mati kanggo wong urip?”

20. “Ngupayaa piwulang lan paseksen!” Sing sapa celathu ora mangkono iku ora kaplethekan bangbang wetan.

maca bab lengkap Yesaya 8