Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 66:6-18 Kitab Sutji (JAV)

6. Rungokna, ana swara rame saka ing kutha,rungokna, tekane saka ing Padaleman Suci!Rungokna, Pangeran Yehuwah ndhawahake piwalesmarang para satrune!

7. Sadurunge nglarani wus nglairake anak,sadurunge krasa, wus nglairake anak lanang.

8. Sapa kang wus tau krungu bab kang kaya mangkono iku,sapa kang wus tau sumuurp kang mangkono iku?Apa bisa sawijining nagara dilairake ing sajroning sadina,tuwin sawijining bangsa dilairake sapisan?Nanging lagi bae nglarani,Sion wus nglairake anak-anake.

9. Ingsun kang mbikak guwa-garbaning wong,apa ora banjur damel supaya nglairake bayi?,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.Utawa apa iya Ingsun kang damel supaya nglairake bayi,banjur nutupi guwa-garbane maneh?,mangkono pangandikane Gusti Allahira.

10. Padha bungah-bungaha bebarengan karo Yerusalem, lan surak-suraka marga saka Yerusalem,he sakehe wong kang padha tresna karo kutha iki!Padha giyak-giyaka bebarengan sakatogira,he sakehe wong kang padha prihatin marga saka kutha iku!,

11. supaya kowe padha nusu nganti waregmarang susu kang nyegerake kowe kabeh,supaya kowe padha nusu lan ngrasakake nikmate susune kang kebak.

12. Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:Lah Ingsun ngilekake menyang ing kutha ikukarahayon kayadene kali,tuwin kasugihane para bangsakayadene kali kang luber;sira bakal padha nusu, bakal digendhong,bakal diuthun-uthun ana ing pangkon.

13. Kayadene wong kang dilipur dening biyunge,iya kaya mangkono anggoningSuniki bakal nglipur sira kabeh;sira bakal padha dilipur ana ing Yerusalem.

14. Manawa sira padha nyumurupi kang mangkono iku, atinira bakal bungah,sarta sira bakal padha kaya suket enom kang seger thukule;astaning Yehuwah banjur bakal kelair marang para abdine,sarta bebendune marang para satrune.

15. Sabab lah Sang Yehuwah bakal rawuh kalawan geni,tuwin kreta-kretane bakal kaya lesus,prelu ndhawahake bebendune kang mulad-muladlan dedukane kang murub mangalad-alad.

16. Awit Pangeran Yehuwah bakal ngukum kabeh kang uripkalawan geni lan kalawan pedhange,lan wong-wong kang padha pinatenan dening Sang Yehuwahiku bakal akeh cacahe.

17. Wong-wong kang padha sesuci lan reresik awak marga arep lumebu ing patamanan-patamananing dewa,kalawan ngetutake wong kang ana ing satengahe,kang mangan daging babilan kewan-kewan kang najis lan tikus,iku bakal padha sirna kabeh babar pisan,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

18. Ingsun nguningani sakehing panggawene lan rancangane lan Ingsun rawuh prelu nglempakake sakehing bangsa saka sakehing basa, tuwin iku bakal padha sowan lan ndeleng kamulyaningSun.

maca bab lengkap Yesaya 66